Tuladha Atur Pambuka Panatacara Wonten ing Pawiwahan Temanten

Tuladha Atur Pambuka Panatacara Wonten ing Pawiwahan Temanten

Atur Pambagyaharja dalam budaya Jawa merupakan sambutan resmi dalam acara atau hajatan tradisional yang dilakukan oleh tuan rumah.  Sambutan pambagyaharja umumnya diwakilkan kepada orang yang dituakan atau dianggap pandai mengolah kata dan berani berbicara di depan khalayak, dan lain sebagainya.

Ketika seseorang sudah dipercaya masyarakat sebagai pranatacara, maka pada umumnya masyarakat akan selalu menjadikan dia sebagai duta atau wakil bicara dalam kegiatan atau seremoni-seremoni tertentu. 

Hal ini dikarenakan pemilik hajat merasa kurang percaya diri untuk berbicara sendiri atau juga dikarenakan faktor budaya yang menganggap bahwa hal tersebut umumnya memang menggunakan duta saat menyampaikan. 

Baca juga beragam contoh teks serupa di rubrik WACANA KAWEDAR

Maka dari itu, hendaknya seorang pranatacara juga tidak hanya sekedar menguasai pahargyan manten saja, ada suatu tradisi di masyarakat yang juga masih dilestarikan seperti syukuran saat anaknya khitan. Atur Pambagyaharja Supitan atau khitan atau sunat perlu juga untuk dipelajari.

Berikut ini Mimin UA sampaikan salah satu contoh sambutan bahasa Jawa untuk acara Pawiwahan Temanten. Semoga bermanfaat.

*

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur keblat ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.

Panjenenganipun para priyagung dharahing nata, para sarjana sujaneng budi, para pangembang pangembating praja, para satriyaning negari, mangka pandam pandoming para kawula dasih, ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Para alim ulama, ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Illahi, minangka panuntun keblating panembah, ingkang satuhu luhuring budi.

Baca juga Tuladha Atur Pambagyaharja Temanten

Para baraya wira wiyata, ingkang marsudi ing reh kridhaning budaya myang karya.

Para purna kara labet praja, ingkang mahambeg luhuring darma, miwah para kadang sutresna mudha wredha ingkang pantes sinudarsana, punapa dene para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, mugi pinarengna kawula hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha nun inggih mrraddapa awit saking keparengipun ingkang hamangku gati, kawula piniji hanjejeri minangka pangenhaliwara, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwahan prasaja ing hari/ratri kalenggahan punika.

Baca juga Tuladha Panampi Pasrah Lamaran

Saderengipun kawula ngaturaken menggah reroncening tata adicara, kinarya hamurwani lekas wekasing karti gatining karya, munih purwa madya wasana tansa manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambekala, sumangga langkung rumiyin kawula dherekaken manungku puja, ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun kepareng paring rahmad, lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula;

Sahengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha kaperluan rawuh kempal manunggal wonten sasana pawiwahan/pahargyan mriki, saperlu hanjenengi saha paring berkah pangestu dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu ……… (ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa wnengku ing suka basuki.

Baca juga Tuladha Atur Pamitan lan Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

Para rawuh kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang, rinancik, rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Minangka purwakaning adicara, tinarbuka sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi, manjing ing madyaning sasana rinengga.

Tanggap Risang Duta Pemthuk dupi hamirsani atmaja temanten putri lenggah anggana raras, tumanten bidhal dhumateng paleremanipun putra temanten kakung, saperlu kajengkaraken tumuju dhumateng sasana pawiwahan.

Sasampunipun putra temanteng kakung rawuh wonten ing sasana rinengga, tumunten kalajengaken adicara pasrah panampi.

Baca juga Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung

Paripurna adicara pasrah panampi, kalajengaken dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat Widhiwidana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobogan.

Madyaning suka ing kalenggahan punika boten kekalipan kadang besan sutresna, lekasing sedya ugi nderek mangaybagya kaparengipun ingkang hamengku gati, mila lajeng manjing wonten sasana pawiwahan ginarubyug sagunging para kadang santana, tumunten kalajengaken upacara sungkeman.

Ing salajengipun panjenenganipun ingkang hamengku gati badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngaturaken pambagyaharja katur panjenenganipun sagung para tamu.

Paripurna atur pambagyaharja temanten sarimbit badhe kalengser saking madyaning sasana wiwaha, manjing sasana busana, saperlu rucat buana kanarendran, santun busana kasatriyan.

Parupurna atur pambagyaharja, temanten sarimbit badhe kalengser saking madyaning sasana wiwaha, manjing sasana busana, saperlu rurncat busana kanarendran, santun busana kasatriyan.

Baca juga Atur Pambagyaharja Supitan/Khitan/Sunat

Sasampunipun temanten sarimbit paripurna hangagem busana kasatriyan, tumanten kasowanaken malih wangsul ngabyantara para tamu, saperlu nyenyadhang pudyastawa mrih widadaning bebrayan.

Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan, menawi temanten sarimbit sampun jengkar sasana rinengga, tumuju wiwaraning pawiwahan, tandha yekti pawiwahan sampun paripurna.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan prasaja ing hari/ratri kalenggahan punika. Ing salajengipun keparenga para tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kula dherekaken hanyrantos tumapaking adicara, sinambi nglaras rarasing gedhing-gendhing saking Paguyuban Karawitan ………… ingkang dipun pangarsani dening anjenenganipun Bapa ………… 

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain