-->

Materi Pawarta

apahabar.com
Ilustrasi seorang Jurnalis. Foto - INT

Mangerteni Pawarta lan Unsur-Unsur Pawarta

Pawarta yaiku informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar medhia cethak, elektronik, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Prastawa biyasane ngandhut informasi kang wigati. Informasi kang wigati iki biyasane diarani pokok informasi.

Ukara sajroning informasi kaperang dadi loro, yaiku fakta lan opini. Fakta minangka andharane kang nduweni sipat nyata lan bisa kabuktekake lumantar grafik, poto, tabel, lan liya-liyane. Dene opini yaiku andharane kang anyar winates panemu, pamikir, lan panjangkane panulis durung kelakon.

Pawarta nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.

  1. Tinemu nalar (logis).
  2. Informasi lengkap lan jumbuh karo rumus 5W + 1H.
  3. Struktur basa trep.
  4. Diksi trep, ora ambigu.
  5. Narik kawigaten.
  6. Basa kang nengsemake. 

Pawarta iku bisa wujud:

  1. Lesan, kang biyasane kababar lumantar medhia elektronik. Tuladhane: TV, Radio, lan sapanunggalane.
  2. Tulisan, kang biyasane kababar lumantar medhia cethak. Tuladhane: Ariwarti (Koran), Kalawarti (Majalah), lan sapanunggalane.

Ngandharake Informasi Saka Pawarta

Pawarta iku kaperang dadi papat yaiku headline, deadline, lead, lan body language. Gatekna katrangan saben perangan ing ngisor iki!

Headline (Judul/Irah-irahan)

Headline yaiku irah-irahan kanggo:

  1. Nggampangake pamaca mangerteni pawarta kang bakal diwaca, lan
  2. Nuduhake pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar.

Deadline (Wates Wektu)

Ancase deadline yaiku nuduhake papan kadadean lan jeneng medhia massa. Mula perangan iki nyebut jeneng medhia massa, papan, lan tanggal kadadean.

Lead (Teras Pawarta)

Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iki tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake ing pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta.

Body Language (Surasane Pawarta/Bahasa Tubuh)

Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi mangkono body language minangka pangembange pawarta.

Ing pawarta sing apik iku kudu ngandhut unsur 5W + IH. Andharane 5W + IH kaya ing ngisor iki, coba digathekake kanthi permati.

  1. What (Apa), yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta.
  2. Who (Sapa), yaiku njlentrehake babagan sapa utawa paraga kang ana ing pawarta mau. Unsur sapa iki biyasane dijlentrehake kanthi jangkep, kaya ta babagan ciri-cirine, titel, umum, lan sapanunggalane.
  3. When (Kapan), yaiku unsur kang njlentrehake kapan prastawa ing pawarta iku dumadi utawa wektu kedadean prastawa. Unsur iki bisa menehi nreti babagan wayah, jam, lan kahanan. Tuladha: mau isuk, wingi sore, lan sapanunggalane.
  4. Where (Ana Ngendi), yaiku njlentrehake babagan panggonan kedadean prastawa ing pawarta iku.
  5. Why (Kena Apa), yaiku nudhuhake sebab musabab kena apa prastawa iku bisa kedadean. Lumrahe bisa ditiliki saka tembung “asale, sababe, mulane”.
  6. How (Kepiye), yaiku njlentrehake babagan kepiye prastawa iku kedadean. Bisa uga nuduhake kepiye swasana ing prastawa iku.

Maca Pawarta Nganggo Basa Krama

Maca prastawa uga diarani maca teknik. Maca teknik yaiku maca kanthi pocapan kang cetha, bisa keprungu endah lan cetha dening wong liya. Supaya bisa maca teknik, gathekna babagan-babagan ing ngisor iki!

  1. Pocapan utawa lafal kudu vetha antarane vokal lan konsonan.
  2. Lagu ukara, yaiku munggah medune swara.
  3. Kawijangan pocapan, yaiku gamblang dirungokake lan bener tumrape ature basa.
  4. Pandeleng mripat tumuju marang pamirsa, tajem, lan mrebawani.
  5. Sikep maca kudu sopan lan bener.

Maca pawarta kudu seru, nanging tetep nggathekake teknik-teknik maca pawarta, yaiku.

  1. Pamaca pawarta kudu nguwasani isi pawarta sing arep diwaca. Sadurunge maca, pamaca pawarta kudu maca naskah luwih dhisik lan nliti umpamane ana sing kleru.
  2. Pelafalan (pocapan) uga wigati. Konsonan utawa vokal kudu cetha supaya ora dadi samar karepe amarga ana tembung sing meh padha pangucapane.
  3. Unjal napas (jeda) kudu bener. Dawa cendhake jeda kudu digathekake. Biyasane pamaca pawarta migunakake tandha (/) kanggo mandheg sedhela, tandha (//) kanggo mandheg suwe, tandha (_)  kanggo pungkasan baris sing ora kena mandheg.
  4. Ing wirama (dhuwur cendhake swara) kudu diselang seling supaya gampang mbedakake antarane bagean sing wigati lan ora.
  5. Anggone maca ora kena cupet banget utawa rendhet banget. Tempo sing cepet banget angel ditampa pamiarsa. Suwalike yen rendhet banget bakal mboseni sing ngrungokake.
  6. Bantere swara kudu cukup saengga gampang ditampa.
  7. Menawa pamaca pawarta dipajang (di-shooting), sikep pamaca pawarta kudu wajar, aja kaku lan sakarepe dhewe, pandeleng/netra aja ngasi naskah terus.

Pamaca luwih becik uga mangerteni sipat-sipate pawarta, yaiku.

  1. Aktual (Anyar), yaiku pawarta kang luwih anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
  2. Jarak (Adoh/Cedake), yaiku pamaca luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing sakiwatengene tinimbang pawarta saka papan liyane.
  3. Wigati, yaiku sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang wigati amarga bisa ngendaleni panguripan ing bebrayan wong agung.
  4. Akibat, yaiku sawijining bab dadi pawarta yen ngowahi kahanan.
  5. Congkrah/Konflik, yaiku pamaca luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane congkrahan.
  6. Tintrim, tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakaan.
  7. Kemajuwane, yaiku inovasi utawa owah-owahane teknologi. Pawarta kang anyar luwih narik kawigaten pamiarsa.
  8. Emosi, yaiku sawijining pawarta kang bisa ndadekake nesu, susah, nangis, lan gela. Tuladha: nemokake bayi ing pinggir kali.
  9. Humor, yaiku gawe sengsem, mesem, lan guyu.

Nulis Pawarta

Nulis pawarta nduweni cara dhewe kang kudu digathekake, yaiku:

  1. Objektif. Ing babagan iki penulis ora kena martekake pawarta dikantheni kepentingan pribadi lan sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.
  2. Cover Both Side. Pawarta iku kudu imbang, aja abot sisih. Luwih-luwih nyebutake pehak-pehak kang ana gegayutane langsung karo pawarta kasebut.

Dene nulis pawarta kudu ana tahap-tahapane, yaiku.

  1. Nglumpukake fakta utawa data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawanrembug), kedadean langsung, utawa data-data tulis.
  2. Nemtokake teras berita (lead).
  3. Mulih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang lurus aja molak-malik utawa dienjah-enjah.
  4. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.