Tuladha Atur Pambagyaharja Supitan atau Sunatan

Tuladha Atur Pambagyaharja Supitan atau Sunatan atau Khitan

Atur Pambagyaharja dalam budaya Jawa merupakan sambutan resmi dalam acara atau hajatan tradisional yang dilakukan oleh tuan rumah.  Sambutan pambagyaharja umumnya diwakilkan kepada orang yang dituakan atau dianggap pandai mengolah kata dan berani berbicara di depan khalayak, dan lain sebagainya.

Ketika seseorang sudah dipercaya masyarakat sebagai pranatacara, maka pada umumnya masyarakat akan selalu menjadikan dia sebagai duta atau wakil bicara dalam kegiatan atau seremoni-seremoni tertentu. 

Hal ini dikarenakan pemilik hajat merasa kurang percaya diri untuk berbicara sendiri atau juga dikarenakan faktor budaya yang menganggap bahwa hal tersebut umumnya memang menggunakan duta saat menyampaikan. 

Baca juga beragam contoh teks serupa di rubrik WACANA KAWEDAR

Maka dari itu, hendaknya seorang pranatacara juga tidak hanya sekedar menguasai pahargyan manten saja, ada suatu tradisi di masyarakat yang juga masih dilestarikan seperti syukuran saat anaknya khitan. Atur Pambagyaharja Supitan atau khitan atau sunat perlu juga untuk dipelajari.

Berikut ini Mimin UA sampaikan salah satu contoh sambutan bahasa Jawa untuk acara khitanan/sunatan/supitan. Semoga bermanfaat.

*

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh inggang hanggung hamestuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang panthes pinundhi saha kinabekten.

Monapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri, ingkang dahat kalingga murdhaning akrami.

katentreman, kabagyan, saha karaharyon kagunganipun Gusti Ingkang Maha Mirah, mugi tansah lumintu dhumateng panjenengan sadaya, hangluberna dhumateng kawula. 

Baca juga Tuladha Atur Pambagyaharja Temanten

Kinathi linambaran pepayunging budi rahayu, sinartan hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, mugi pinarengna kawula cumantaka mangrurah pradataning pasamuan, labet kawula badhe minangkani panyuwunanipun kadang kula anem adhimas ......... sarimbit garwa, kinaen hangaturaken menggah wudharing gatha, babaring sedya, wigatosing gati pahargyan prasaja ing ratri kalenggahan punika.

Minangka purwakaning atur sinawung raos bombong saha mongkoking manah, adhimas ........ ngaturaken sugeng rawuh, sinarenag raos panuwun ingkan tanpa pepindhan, awit karawuhan panjenengan sami.

Ing salajengipun mugi sakecakna pinarak ing palenggahan, kanthi mardu-mardhikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.

Baca juga Tuladha Panampi Pasrah Lamaran

Wondene menggah wosing gati, gatining sedya wonteng pahargyan prasaja ing  dalu kalenggahan punika, sanadyan sampun kawuningan ing sarat sedhahan miwah ing warta ingkang binandhunging karna,  namung dereng elga raosing manah menawi dereng kaaturaken wonten ngarsanipun para tamu ngiras pantes nyuwunaken tambahing puji donga lan pangestu.

Inggih awit saking rahmating Gusti, saha sinurung puji donga saking para sepuh, kadang kula anem adhimas ........ sampun kelampahan nindhakaken kuwajibanipun tiyang sepuh, ingkang ginadhuhgan atmaja kakung sampun daup wahyaning dewasa, mila hanggadhahi kuwajiban netepi dhawuhing agami, ngislamaken/nyupitaken putra kakung ingkang pambayun nami pun ......... .

Wondene tumapaking pugut rejang hernowo supit, sampun kelampahan kala wau sonten wanci tabuh ...., kanthi rahayu wilujeng kalis ing sambekala, awit saking pangayomaning Gusti.

Baca juga Tuladha Atur Pamitan lan Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

Ingkang punika adhimas ......... kekalih, nyuwun tambahing donga pamuj, mugi-mugi anak kula ......... enggal saras saking panandhang, miwah ical sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare ingkang susila, utama, miwah piguna dhumateng bangsa, murakabi dhumateng sesami.

Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saget kalampahan, karana sih pambayuntunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih, saha panjenenganipun para tamu ingkan sampun kapareng paring pisumbang awujud panapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman. 

Ingkang punika kadang kula anem adhimas ......... kekalih, gaturaken gunging panuwung ingkang tanpa pepindhan, mugi-mufgi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, sahingga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.

Baca juga Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung

Minangka puputing atur, sanadyan pahargyan punika ing tebih saderengipun sampun rinantam, ewa semanten taksih wonten kekiranganipun, inggih awit saking rupeg lan cupeting kawontenan ingkan sarwa prasaja, lugas datanpa pepaes, miwah boja krama ingkan boten saged anuju prana, anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kurang mungguh, suguh ingkang kurang lawuh, anggen kawula hanampi menggah kerawuhan panjenengan sami, mawantu-wantu panjenenganipun ahimas ......... nyenyandhang lumunturing sih samodra pangaksami.

Semanten ugfi, kawula ingkang piniji mangarsa ngabyantara para tamu, hambok bilih wonten kirang subasita, anggen kawula magut wicara, hangrakit basa, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain