Serat Tripama Tembang Dandhanggula (Syair dan Terjemahannya)

Serat Tripama minangka karya sastra awujud tembang Dhandhanggula kang cacahe ana 7 pada. Serat Tripama mijil ing jaman Mangkunegaran, dianggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adiati Arya (K.G.P.A.A.) Mangkunegara IV ing Surakarta. Serat Tripama ditulis watara taun 1860an kanthi ancas didadekna panutan lan sumber inspirasi kang dijupuk kanggo patuladhan ora mung kanggo prajurit, nanging uga kanggo pangarsa/ pemimpin, lan masyarakat supaya bisa ngleksanakake tugase dhewek-dhewek kanthi bener lan pener.
Hasil gambar untuk serat tripama macapat dandanggula


Paugeran Tembang Macapat

Guru Lagu: tibaning swara saben sagatra (10 Pada)

Guru Wilangan: cacahing wanda saben sagatra (10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7)

Guru Gatra: cacahing gatra saben sapada (i, a, e, u, i, a , u, a, i, a)

(10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)

Serat Tripama

Serat Tripama minangka karya sastra awujud tembang Dhandhanggula kang cacahe ana 7 pada. Serat Tripama mijil ing jaman Mangkunegaran, dianggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adiati Arya (K.G.P.A.A.) Mangkunegara IV ing Surakarta. Serat Tripama ditulis watara taun 1860an kanthi ancas didadekna panutan lan sumber inspirasi kang dijupuk kanggo patuladhan ora mung kanggo prajurit, nanging uga kanggo pangarsa/ pemimpin, lan masyarakat supaya bisa ngleksanakake tugase dhewek-dhewek kanthi bener lan pener.

Serat Tripama (tiga suri tauladan) dumadi saka 7 pada tembang Dhandhanggula kang rinciane yaiku:

  1. Bait/ pada 1 lan 2 nyritakake Patih Suwanda
  2. Bait/ pada 3 lan 4 nyritakake Kumbakarna
  3. Bait/ pada 5 lan 6 nyritakake Adipati Karna
  4. Bait/ pada 7 minangka dudutan utawa kesimpulan

Tembang Dandhanggula

Dhandhanggula yaiku salah sijine metrum kang nduweni watak luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok. Dhandhanggula ugo nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga nduwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki.

Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Seka othak-athik iki banjur kinira yen tembang iki digawe nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwe arti gula

Serat Tripama (Dhandhanggula) 

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa sami anuladha
Kadya nguni caritane
Andelira sang prabu
Sasrabau ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lalabuhanipun
Kag ginelung tri prakara
Guna kaya purun den antepi
Nuhoni trah utama
Seyogyanya para prajurit
Bila dapat semuanya meniru
Seperti masa dahulu
(tentang) andalan sang prabu
Sasrabau di Maespati
Bernama Patih Suwanda
Jasa-jasanya
Yang dipadukan dalam tiga hal
Pandai, mampu dan berani (itulah) yang ditekuninya
Menepati sifat keturunan (orang) utama
Lire lalabuhan tri prakawis
Guna bisa saniskareng karya
Binudi dadi unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang Manggada nagri
Amboyong putri dhomas
Katur ratunipun
Purunne sampun tetela
Aprang randhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana
Arti jasa bakti yang tiga macam itu
Pandai mampu di dalam segala pekerjaan
Diusahakan memenangkannya
Seperti kenyataannya
Waktu membantu perang negeri Manggada
Memboyong delapan ratus orang putri
Dipersembahkan kepada rajanya
(tentang) keberaniannya sudahlah jelas
Perang tandhing melawan raja raksasa Ngalengka
(Patih) Suwanda mati dalam perang

Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.

Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.


(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.

Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.


(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.

Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.


(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama)

Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.


Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)

Makna filosofi kang kakandhut saka Serat Tripama Dhandhanggula yaiku:

  1. Serat Tripama ngemot konsep bela negara kang kaprinci ing syaire.
  2. Ajaran bab katresnan kanggo mbela bangsa lan negara.
  3. Kepentingan bangsa lan negara kudu diutamakake ing sandhuwure kepentingan pribadi.

Tegese tembung :

  1. yogyanira = becike, sebaiknya.
  2. prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
  3. kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
  4. nguni = jaman biyen, dahulu kala.
  5. andelira = andel-andele , andalan.
  6. lelabuhanipun = jasane, jasa.
  7. ginelung = diringkes, dipadukan.
  8. guna = kapinteran, kepandaian.
  9. kaya = bandha donya, kekayaan.
  10. purun = wani, gelem, keberanian.
  11. nuhoni = netepi, menepati.
  12. trah = turun, tedhak, keturunan
  13. utama = becik, apik, terbaik.
  14. lir = kaya, teges, makna, arti.
  15. saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
  16. karya = gawe, kardi, pekerjaan.
  17. binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
  18. sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
  19. duk = nalika, ketika.
  20. dhomas = 800. samas = 400.
  21. tetela = cetha, terang, jelas.
  22. aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
  23. ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
  24. ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
  25. suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
  26. darbe = duwe, mempunyai.
  27. raka = kakang, kakak.
  28. raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
  29. demung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
  30. wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
  31. kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
  32. mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
  33. sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
  34. lenggana = nolak, mbantah, menolak.
  35. datan = tan, ora, tidak.
  36. labuh = berjuang.
  37. yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
  38. myang = lan, dan
  39. arsa = arep, ayun, apti, akan.
  40. punagi = sumpah.
  41. palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
  42. narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
  43. kadang = sedulur, saudara.
  44. suwita = ngabdi, menghamba.
  45. kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
  46. agul-agul = andel-andel, andalan.
  47. manggala = panglima
  48. senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
  49. manahe = atine, hatinya.
  50. pikantuk = oleh, mendapat.
  51. marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
  52. kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
  53. jinemparing = jemparing + in = dipanah.
  54. sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
  55. wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
  56. katri = katelu, ketiga.
  57. sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
  58. amirita = nirua, ikutilah.
  59. kongsi = nganti, sampai.
  60. dumadi = titah, makhluk.
  61. marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
  62. kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.

Ruang Literasi dan Edukasi

2 comments

  1. Kunjungan balik ya Mas Khoirul. Tetep semangat ya Mas nulisnya.

    Salam Sastra.
    1. Siap mba jasmine Olivia. Saling bersinergi dalam membangun literasi. Matur Nuwun
© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain