Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung

Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung dalam budaya pernikahan Jawa

Dalam tradisi budaya Jawa, khususnya dalam acara pernikahan tidak terlepas dari acara memasrahkan dan menerima pengantin antarkeluarga. Kegiatan tersebut disebut dengan Tuladha Atur Pasrah Temanten.

Dalam kesempatan kali ini mimin UA akan memberikan contoh Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung. Selamat menikmati dan belajar.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahyuha sagung Dumadi” tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan panjenengan sadaya.

Amit pasang alimat tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/Ibu ……… (besan), kula kadhawuhan nglarapaken putra calon temanten kakung, mugi katur panjenenganipun Bapa/Ibu ……… (ingkang mengku gati).

Baca juga beragam contoh teks serupa di rubrik WACANA KAWEDAR

Panjenengagnipun Bapa ……… (ingkan nampi) ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/Ibu ……… ingkan winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan:

Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/Ibu ……… boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun Bapa/Ibu ………, ingkan lumantar kawula.

Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargaya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Baca juga Tuladha Panampi Pasrah Lamaran

Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung pun Bagus …….., atmaja kakung saking Bapa/Ibu ……… ingkang pidalem ing ………, sampun kalampahan ijab/dhaup suci kaliyan Rara ………, kenya siwi saking panjenenganipun Bapa/Ibu ………, kala wau dinten …….. surya kaping ……… waci tabuh ……… mapan ing dalem ……… mriki, kanthi nirbawa nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.

Sarehing sampun ndaup titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi tumanten katindakna dhaup panggihing temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkan sampun lumampah wonten ing ………. Kla sapangombyong tansah jumurung ing karsa, sinartan puji donga mugi Gusti tansah ngijabahi dhumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkan sinedya.

Baca juga Tuladha Atur Pamitan lan Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

Dene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan pangombyong temanten kakung, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.

semanten ugi, hambok bilih anggen kawula minangka talanging basa wonten goyak-gayuking wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lumanturing sih samodra pangaksami.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain