Tuladha Atur Pambagyaharja Temanten

Contoh teks Atur Pambagyaharja Temanten



Dalam tradisi budaya Jawa, khususnya dalam acara pernikahan tidak terlepas dari acara memasrahkan dan menerima pengantin antarkeluarga. Kegiatan tersebut disebut dengan Atur-Atur Tumanten.

Dalam kesempatan kali ini mimin UA akan memberikan contoh Tuladha Atur Pambagyaharja Temanten. Selamat menikmati dan belajar.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang pantes pindundhi saha kinabekten.

Panjenenganipun para sarjana sujaneng budi, para priyagung pangemban pangembating praja, para satriyaning negari, minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes sinudarsana, sumrambahipun dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Baca juga beragam contoh teks serupa di rubrik WACANA KAWEDAR

Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, mugi pinarengna kawula hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awit mradapa kaparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun Bapa/Ibu ……… (ingkang mengku gati), kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gatha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang/dalu kalenggahan punika.

Inggih kabekta saking mongkoking manah saha karoan ing sih panjenenganipun sami, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyosing lathi namung kandheg wonten ing jangga, mila lajeng anyaraya dhumateng kawula.

winengku ing suka basuki.

Baca juga Tuladha Panampi Pasrah Lamaran

Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, supados purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambekala, kaparenga langkung rumiyin kawula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah Swt., ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasarira dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kita saged hanglonggraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki.

Kanti pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah pangesti dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu ………, anggenipun angrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para lenggah ingkan sunuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing siyang/dalu kalenggahan punika, panjenenganipun Bapa/Ibu ………. ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwung gingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenenganipun sami.

Baca juga Tuladha Atur Pamitan lan Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

Ing salajengipun mugi kasekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardhikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.

Wondene menggah wigatosing gatii panjenenganipun Bapa/Ibu ……… angaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sedhaha (kintaka wara), bilih panjenenganipun Bapa/Ibu …….., hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenya putranipun ingkah sesilih Rara ………, jinatukrama/dhaup kaliyan Bagus ………, putra kakungipun Bapa/Ibu ………, ingkang pidalem ing ………

Ingkang sampun kaalmpahan ijab miturut satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adat widhiwidana ingkang sampun llumampah ing ngriki, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala.

ingkang punika panjenenganipun Bapa/Ibu ………, mewantu-wantu panuwuning wonten ngarsa panjenengan sami, mugi wonten suka lilaning panggalih, paring jurung pusa hastawa, puji hastuti dhumateng penganten sarimbit anggenipun badhe lelumban wonten madyaning  bebrayan, tansah atur runtut, manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu, basuki ingkang kaesthi, enggal kaparing pituwasing patembayatan, momong putra, kanthi prajanjen Brayat Rinancang.

Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun kepareng pariing pisumbangan awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengake sesanggeman. 

Ingkang punika panjenenganipun Bapa/Ibu ……… ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkan malimpah-limpah.

Baca juga Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung

Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang mboten saged anuju prana, mbok bilih wonten anh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami.

Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kawula matur wonten tuna dukaping aur, tutur kelantur-lantur, saha wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, Jenang sela wader pari sesondheran, apuranta menawi lepat atur kawula.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain