Materi Cerkak (Cerita Cekak)
![]() |
Sumber Gambar : Budaya Nusantara |
Pangerten Cerkak
Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake
bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungso. Crita ing cerkak dumadi
andhedhasar saka urutan sawijining kedadean utawa prastawa. Prastawa ing cerkak
dilakoni dening paraga, lan paraga kasebut nglakoni rerangkening konflik
saengga kedadean, paraga, lan konflik iku kalebu unsur pokok jroning cerkak.
Cerkak kang becik yaiku ceriyane urut lan prasaja, nyeritakake
sawijining paraga saka pitepangan nganti pungkasaning crita kanthi kang gampang
dimangerteni.
Crita cekak (cerkak) nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.
- Critane ringkes.
- Ana gegayutane karo lelakone manungsa.
- Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah (bertengkar; berkelahi; berselisih), lan ngrampungake perkara.
- Cacahe tembung kurang saka sewu tembung.
Unsur Intrinsik Cerkak
Cerkak nduweni unsur sing mbangun crita saka njero crito kasebut.
Unsur kasebu diarani unsur intrinsik. Unsur intrinsik kaya ta tema, latar,
punjering crita/sudut pandang, alur/plot, penokohan, lan konflik.
Tema yaiku pokok jroning crita utawa masalah sing utama kang dadi
lelandhesan/undhering crita.
Setting/Latar ngemot wektu,
papan/panggonan, lan swasana jroning crita.
Punjering Crita (Sudut Pandang) yaiku penulis anggone ngetrapake awake naliko nyeritakake. Punjering crita kaperang dadi telu yaiku:
- Panganggit nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan, nyritakake apa kang dilakoni penulise.
- Panganggite nggunakake sudut pandang liyane, dheweke luwih akeh ngamati saka njabaning crita tinimbang sajroning crita. Panganggite biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu.
- Panganggite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngreti. Pangangite nyawang paraga nganti sajroning pikiran lan atine. Mula panganggit ing kene bisa nyritakake rahasia batine paraga.
Alur/Plot yaiku lelakone para paraga
wiwit lekas nganti pungkasan. Alur kadhapuk kanthi urutan kedadean. Alur
kaperang dadi loro yaiku:
- Alur Maju (Progresif) yaiku prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita.;
- Alur Mundur (Flashback progresif) yaiku kang gegayutan karo prastawa kang lagi dumadi.
Ana sajroning alur kuwi mau ana limang jinis kang nyusun
alur wacan, yaiku:
- Exposition, yaiku nepungake kahanan, paraga, uga gegayutan
antarane paraga siji lan sijine kang diceritakake.
- Complication, yaiku njlentrehake kedadean kang ndekekake
sumbering perkara.
- Rising Action, yaiku wimbuhing perkara kang dialami
dening paragane.
- Turning Point, yaiku mentokake paraga bisa
ngrampungi perkoro apa orane. Paraga iku uga disebut klimak.
- Ending, yaiku kabeh perkara kang diadhepi dening para paragane wis bisa
dirampungake.
Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa
dimangerteni karakter saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
Konflik
Konflikyaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki
pancen diketokake perkara kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten.
Nemtokake Nilai Lurur Ing Jroning Cerkak
Saliyane unsur intrinsik, cerkak ugo nduweni saperangan babagan
kang diarani ‘nilai’ ing njerone nilai kasebut kaperang dadi sanga, yaiku.
- Nilai budaya, nilai iki ana gegayutane karo pemikir, pakulinan, lan asil karya cipta.
- Nilai sosial, nilai iki ana gegayutane karo tindak-tanduk ing pasrawungan antarane wong siji lan sijine.
- Nilai moral, nilai iki ana gegayutane karo tumindak becik lan ala minangka dhasar panguripan manungsa lan masyarakat.
- Nilai religius, nilai iki ana gegayutane karo tuntunan agama lan kapitayan.
- Nilai pendhidhikan, nilai iki ana gegayutane karo owah-owahan tindak-tanduk ala dadi becik.
- Nilai estetis/kaendahan, nilai iki ana gegayutane karo bab-bab kang narik kawigaten kaendahan seni utawa nyenengake.
- Nilai etika, nilai iki ana gegayutane karo subasita ing bebrayan.
- Nilai politis, nilai iki ana gegayutane karo pamerentah.
- Nilai kemanusiaan, nilai iki ana gegayutane karo sipat-sipat manungsa.
Gawe Sinopsis Cerkak
Sinopsis cerkak yaiku ringkesane crita saka cerkak. Sinopsis
nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.
- Alur ing sinopsis kucu jumbuh karo crita asline.
- Basa kang digunakke jinis persuasif saengga pamaca manut karo kekarepane penulis crita.
- Narik kawigaten pamaca.
- Anane dredah lan masalah kanthi ringkes.
- Gawe gorehe ati pamaca.
Fungsi sinopsi yaiku:
- Menehi gegambaran ringkes ngenani urut-urutane lan isine crita.
- Ntathet gagasan pokok utawa gagasan kang dianggep wigati.
- Nulis ringkesan saka gagasan kang dianggep wigati.
- Migunakake ukara kang cetha, gampang dimangerteni, efektif, lan narik kawigaten nalika nulis ringkesan crita.
- Kanggo nulis dialog utawa monolog paraga sacukupe wae.
- Sinopsik ora entuk nyimpang saka crita asline.
Post a Comment