Tuladha Panampi Pasrah Lamaran

Tuladha panampi pasrah lamaran bahasa Jawa

Kesempatan kali ini, Mimin UA, akan berbagi teks wacana tuladha panampi pasrah lamaran. Berikut ini teks lengkapnya.

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Dhumateng panjenenganipun Bapa....... (ingkang pasrah) ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa....... sekalian garwa (bahde/calon kadang besan) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa kaparengipun Bapa....... sarimbit garwa (ingkang mengku gati). Kula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa....... sekalian, lumantar panjenenganipun Bapa....... (ingkang pasrah).

Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.

Saget katampi kanthi bingaging manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi salajengipun dhumawaha sami-sami.

Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kul atampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kulo aturaken wonten ngarsanipun Bapa....... sekalian (ingkang mengku gati). Mboten kekilapan panjenenganipun Bapa....... sekalian, namung ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa....... sekalian (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya. 

Amung semanten panampi saking Bapa....... sekalian (ingkang mengku gati) lumantar kula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bapa....... sekalian garwa (bahde/calon kadang besan) wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten goyak-gayuking wicara, cuwuh kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.

Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain