Materi Sesorah
![]() |
Sumber Gambar : misteruddin |
Sesorah iku kalebu
katrampilan micara ing sangarepe wong akeh. Sesorah iku mbutuhake katrampilan
kang mligi lan mbutuhake rasa percaya dhiri. Sesorah dibutuhake ing pasrawungan
samengkone nalika kowe kabeh wis diwasa.
Pangerten Sesorah
Sesorah yaiku micara
ngenani gagasan utawa panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah ana
ing bahasa Indonesia diarani pidhato. Ancase wong sesorah utawa medar sabda
yaiku kanggo ngutarake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar
pangandhikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing
diwadharake. Ancase sesorah utawa pidatho yaiku kaya ing ngisor iki.
- Kanggo menehi pangerten utawa kawruh.
- Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liya.
- Aweh panglipur.
- Mbujuk supaya sing ngrungokake melu diadharake pamicara.
Pidhato utawa sesorah iku
diwaca ing sangarepe wong akeh saengga menawa maca bisa migunakake metodhe kang
beda-beda. Metodhe kang lumrahe kanggo maca pidhato yaiku kaya ing ngisor iki.
- Metodhe naskah, yaiku
nalika pidhato kanthi maca naskah kang wis digawe luwih dhisik.
- Metodhe apalan, yaiku
pidhato kanthi ngapalake naskahe luwih dhisik.
- Metodhe dadakan/impromtu, yaiku
metodhe kang ditindakake kanthi dadakan tanpa gawe naskah luwih dhisik.
- Metodhe ekstemporan, yaiku
metode sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab kang
dianggep wigati kanggo sesorah
Jinising Sesorah
Miturut gunane, sesorah
kabage dadi telu, yaiku:
- Sabdatama (sesorah tunggal),
- Pambagyaharja (mahargya rawuhe tamu), lan
- Tanggap wacana (sesorah kang kudu antuk tanggapan).
Miturut kahanane sesorah, yaiku:
- Sesorah resmi,
- Sesorah setengah resmi, lan
- Sesorah ora resmi.
Miturut pendekatan isine
sesorah, yaiku:
- Sesorah intelektual, lan
- Sesorah moral.
Miturut ancase
sesorah, yaiku:
- Atur pambagyaharja, yaiku sesorah kanggo nampa rawuhipun para tamu ing adicara apa wae. Tuladha: ing pahargyan (pista), sukuran, lan sapanunggalane.
- Menehi informasi utawa pawarta, yaiku informasi bisa arupa palapuran utawa sawijining bab kanthi gamblang/cetha. Tuladha: sesorah ing rapat, promosi barang, lan sapanunggalane.
- Atur panglipur aweh hiburan, yaiku sesorah iki nduweni ancas wong kang mirengake seneng penggalihe. Tuladha: ing acara layatan, atur saking pambelasungkawa.
- Pangajak, ancase sesorah iki kanggo milut atine wong saengga gelem nindakake apa kang diwedharake. Tuladha: penyuluhan kesehatan, penyuluhan pendhidhikan, lan sapanunggalane.
Mangerteni Struktur lan
Isine Sesorah
Sesorah iku ndeweni
struktur kang kudu ana sajroning teks sesorah kasebut. Isine sesorah iku bebas,
miturut ancase lan kagunane sesorah kasebut.
Struktur sesorah yaiku kaya
ing ngisor iki.
- Salam Pambuka iku
werna-werna gumantung kahanan lan sapa anggone tangap wacana. Tuladhane:
wilujeng dalu, wilujeng enjang, lan liya-liyane.
- Pambuka (Purwaka Basa) iku
isine atur panuwun marang para tamu sing wis nglonggarake wektu minangkani
panyuwune sing duwe gawe. Purwaka basa kaperang dadi telu yaiku, Atur
pakurmatan, Atur pamuji syukur, Atur panuwun
- Isi (Surasa Basa) iki
babagan perkara utawa bab kang diandharake jroning pidhato.
- Panutup (Wasana Basa) iku
atur panuwun lan njaluk pangapura menawa ana kaluputane angone nindakake
sesorah utawa pidhatp. Wasana basa kaperang dados kaleh, yaiku; Atur
pangarep-arep, Atur pangapura
- Salam Panutup. Tuladha: nuwun, matur nuwun, lan liya-liyane.
Pokok-pokok isine sesorah
kang diwaca kudu bisa dimangerteni pamireng. Supaya gampang anggone
mangerteni isine sesorah, pamireng kudu nindakake babobab ing ngisor iki.
- Nggambarake sajroning isine pikiran saengga bisa nuwuhake citra kang bisa nggampangake mangerteni isi pidhato.
- Nglumpukake katrangan menawa durung mangerteni isine pidhato.
- Ngajokake pitakonan menawa durung mangerteni isine pidhato.
- Nyatheti katrangan-katrangan sing wigati.
- Munjerake kawigaten nalika nyemak pidhato.
Nulis Teks Sesorah
Sesorah iku ana gandheng
cenenge karo ombaking kahanan kang lagi kedadean utawa kembang lambe masarakat
saengga sadurunge nulis sesorah gathekna babagan ing ngisor iki.
Nggoleki prastawa utawa
perkara kang dadi kembang lambe masarakat.
- Milih tema lan gagasan kang arep diaturake.
- Milih lan nemtokake pamireng sesorah.
- Milih isine sesorah wujud gegambaran, pratelan, utawa panjlentrehan.
- Milih basa kang pas karo pamireng.
Babagan kang kudu
digathekake nalika gawe sesorah, kaya ing ngisor iki.
- Unggah-ungguh basa.
- Tembung lan ukara trep.
Basa kudu komunikatif,
tegese kudu cetha karepe supaya wong kang ngrungokake bisa mangerteni karepe
Urut-urutane gawe sesorah,
yaiku.
- Nemtokake tema sesorah.
- Nemtokake ancase sesorah.
- Ngumpulake bahan sesorah.
- Gawe cengkorongan sesorah.
- Gawe naskah sesorah saka cengkorongan kang wis digawe.
Maca Teks Sesorah
Bab-bab kang digathekake
nalika sesorah yaiku:
- Nyiyapake underan/tema sesorah.
- Nyiyutake tema dadi irah-irahan (judhul).
- Nliti kahanan pamireng.
- Gawe cengkorongan/kerangka sesorah.
- Nemtokake ancase/tujuane sesorah.
- Nglumpukake bahan sesorah.
- Ngrembakakake cengkorongan.
- Gladen sesorah.
Ing urip bebrayan, ana
kalane awake dhewe didhawuhi supaya ngaturake sesorah ing sangarepe wong akeh.
Umpamane ing acara arisan, supitan, sukuran, lan sapiturute. Supaya anggone
sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki.
- Basa, yaiki
basa kang digunakake kudu cocog/trep karo sing mirengake.
- Busana, yaiku
naliko sesorah prayogane migunakake busana kang becik lan sopan. Bab iki kajaba
ngrumati sing mirengake, bisa uga kanggo njaga lan ngajeni awake dhewe.
- Swara, yaiku
swara sing kapenak dirungokake. Ora keseron ugo ora alon banget. Anggone
ngucapake tembung kudu cetha, ora groyak, ora kecepeten saengga kang
diandharake bisa gampang ditampa. Kajaba iku, anggone sesorah uga nganggo
irama, aja kaya wong maca buku.
- Swasana, nalika
arep sesorah kudu bisa mangerteni adicara saengga bisa ngetrepake basa lan
busanane. Nalika sesorah kudu bisa tanggap ing sasmita saka para lenggah.
- Solah bawa/patrap, yaiku
solah bawane wong kang sesorah kudu madhep, mantep lan teteg. Madhep amrang
para lenggah, aja tumungkul, lan aja ndangak. Supaya solah bawa bisa madhep,
mantep, lan teteg iku mbutuhake gladen lan wektu.
Wong sesorah iku kudu
nduweni etika utawa tata krama kaya ing ngisor iki.
- Anggone guneman ora nglantur.
- Prayogane wose wae, cekak, aos, lan cetha.
- Ora ngulur-ulur wektu, kudu bisa maca kahanan.
- Aja kumalungkung, yen ngadeg kudu ndeleng swasana ing kiwa tengene.
- Tetep nuduhake yen nguwasani kahanan, ora malah ngatonake yen ora bisa.
Dene kang ora keno
ditindakake nalika sesorah yaiku kaya ing ngisor iki.
- Ngadeg tanpo nggatekake papan panggonan.
- Ngadeg kanthi lendhehan.
- Ngadeh kaku utawa kosok baline, lemes ora ana greget.
- Ngadeg kanthi skil rapet utawa mbegagah amba.
- Ngadeg kanthi lelambaran sikil siji.
- Siyaga kang digawe-gawe.
- Ngguyu kanthi digawe-gawe.
- Mbesengut.
- Gugup.
- Ora nggatekake tamu.
Post a Comment