Jenis-Jenis Gamelan Jawa (Contoh Wacan Eksposisi)
![]() |
Sumber gambar gasbanter |
Gamelan iku salah sijiné
seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ingpulo Jawa,
Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawayaiku
"gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat
piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang
minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing
saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika,
Éropah lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo
gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan duwéni melodhi kang
magis utawa nduwé daya supranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa
wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra
gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké
yèn gamelan iku kaya komparasi saka cahya rembulan lan milinébanyu, misterius
kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing
kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran
wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro
yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo
laras pélog lan sléndro.
Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara fungsional musikal digolongake dadi telung klompok, yaiku :
Klompok ricikan balungan, yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané kuwi cedhak banget karo rangka gendhing (balungan gendhing). Ricikan utawa instrumèn gamelan ing kelompok iki,
Saron
![]() |
Sumber Gambar : Turbosquid |
Saron iku salah siji
perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu
ing loro sisi ngisore. Saron bentuké kaya lèmpèngan emas kang disusun ing kayu.
Saben lèmpèngan nduwèni titilaras kang béda. Ana 3 jinis saron yaiku:
Saron panerus (ing laras
slendro: Peking)
Saron barung biasa disebut
saron
Saron demung biasa disebut
demung
Wujud wilah saron iki meh padha karo wilah gambang, bedane nek wilah saron digawe saka logam (umume sing apik perunggu), nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm.
Demung

Saron Barung
4) Saron
Panerus

Slenthem


Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cmnganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
Wujudé mèh silindher,simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
- Dlong : swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
- Dhah : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké.
- Thung : swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké.
- Ket : swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
- Tong : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
- Tak : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.
- Deng : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ono ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten Madiun.

Gendèr iku salah siji pirantigamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélognduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah.
Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.
Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.
Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.
Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulitricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.

Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang digawe saka kayu sing rada empuk, wujude dawa, ing salah siji pucuke rada gedhe tinimbang pucuk liyane, lan ing pucuk kang gedhe iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak, bonang iku ditata dadi rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14 ning kadang uga ana sing 12.
Kethuk, kempyang, kenong lan bonang iki sejatine termasuk jinis gongning gong sing disokake kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong ageng, gong suwukan lan kempul.
Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.
Bonang Barung ditabuh nganggo kayu kang cacahé 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet nganggoKain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akèh pola tabuhané, yaiku pola tabuhan Gembyang, Mipil, Imbal,Sekaran, Klénangan, lan liya-liyané.
Bonang Barung kuwi gunané kanggo mbukani Gendhing. Sakliyané kuwi, Bonang Barung uga bisa kanggo nuntun alur Gendhing. Khusus ing pola Mipil, Bonang barung kuwi bisa kanggo nuntun Instrumenliyané. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo Bonang penerus gawé pola lagu lan ing aksèn-aksèn penting bonang gawé Sekaran kang biasané ana ing akhir kalimat lagu.
Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu). Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.

Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining perangkatGamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kainlan Pluntur. Bonang panerus iki cara nabuhé padha karo Bonang barung, yaiku nganggo cara Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, Gembyang, lan liya-liyane. Bonang iki nabuhé ngetutaké Bonang barung, lan nerusaké alurGendhing kang digawé Bonang Barung. Lan uga nganggo sekaran kang témponé luwih cepet tinimbang Bonang Barung. Mung bédané yaiku Bonang Penerus ora bisa kanggo mbukani gendhing.
Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu). Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.


Suling iku salah siji piranti musiksing disebul. Fungsiné kanggo nambahswara-swara ing melodi. Ing musikgamelan Jawa, suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog. Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo inggamelan Sundha.
Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter. Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.

Gambang iku salah siji perangkat gamelan Jawa, lan gamelan Bali uga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang, sing digawé saka wilah-wilah kayu sing umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné, wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing bolongan sing cacahé loro saben wilah. Wujud gambang iki amèh padha saron ning luwih gede lan wilahedigawe saka kayu sing atos banget. jaman mbiyen ana gambang gangsa, sing wilahe digawe saka tosan utawa logam ning saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang antara 29 Cm nganti 58 Cm, sing ukurane luwih gede iku nduwe nada swara luwih rendah, kabeh cacahe ana 19 utawa 20 wilah.
Tabuh gambang luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan liyane yaiku kira-kira 35 Cm.
Kelompok ricikan utawa instrumèn struktural, yaiku; ricikan-ricikan kang agawé raketing dolanan kanthi mbentuk struktur adhedhasar (nentukaké) wujud gendhing. Ricikan utawa instrumèn kang kalebu ing klompok kasebut, yaiku:

Kempul iku salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.
Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngetokake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé sakatosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan.
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané. Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu. Piranti musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambuka acara.

Kecèr iku salahsiji pirantigamelan Jawa sing digawe sakatosan. Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik modern. Ingmusik modern piranti iki biasa diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa, piranti iki dadi piranti utama kanggo nggawe suasana rame lan meriah.
Carane ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh. Kecèr iku kudu sepasang, siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor biasane wis disoake permanen, dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur. Sepasang kecèr iku disokake ing grobogan utawa rancak sing wujude meh pada karo grobogan saron ning luwih cilik sithik. Katone iki piranti gamelan sing paling brisik ning yen ora ana swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing babak-babak lakon wayang tinamtu.
Post a Comment