Tuladha Atur Pambagya Harja Sepekenan utawa Selapanan Bayi

Tuladha Atur Pambagya Harja Sepekenan utawa Selapanan Bayi

Atur Pambagyaharja dalam budaya Jawa merupakan sambutan resmi dalam acara atau hajatan tradisional yang dilakukan oleh tuan rumah.  Sambutan pambagyaharja umumnya diwakilkan kepada orang yang dituakan atau dianggap pandai mengolah kata dan berani berbicara di depan khalayak, dan lain sebagainya.

Ketika seseorang sudah dipercaya masyarakat sebagai pranatacara, maka pada umumnya masyarakat akan selalu menjadikan dia sebagai duta atau wakil bicara dalam kegiatan atau seremoni-seremoni tertentu. 

Hal ini dikarenakan pemilik hajat merasa kurang percaya diri untuk berbicara sendiri atau juga dikarenakan faktor budaya yang menganggap bahwa hal tersebut umumnya memang menggunakan duta saat menyampaikan. 

Baca juga beragam contoh teks serupa di rubrik WACANA KAWEDAR

Maka dari itu, hendaknya seorang pranatacara juga tidak hanya sekedar menguasai pahargyan manten saja, ada suatu tradisi di masyarakat yang juga masih dilestarikan seperti syukuran saat anaknya khitan. Atur Pambagyaharja Supitan atau khitan atau sunat perlu juga untuk dipelajari.

Berikut ini Mimin UA sampaikan salah satu contoh sambutan bahasa Jawa untuk acara Sepekanan utawa Selapanan Bayi. Semoga bermanfaat.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri, ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Katentreman, kabagyan saha karahayon kagunganipun Gusti Ingkang Maha Mirah, mugi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya, hangluberna dhumateng kawula.

Baca juga Atur Pambagyaharja Supitan/Khitan/Sunat

Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, mugi pinarengna kawula cumanthaka marak ngarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun kadang kula anem adhimas ………, kula piniji minangka talanging basa, kinen hangaturaken menggah wigatosing gati pahargyan prasaja ing dalu kalenggahan punika.

Minangka purwakaning atur, ngaturaken pambagya sugeng rawuh, sinartan agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene panjenenganipun para tamu sampun kepareng jurung wungon tirakat wonten ing dalu punika, mracihnani bilih semanten agenging raso sih katresan panjenengan dhumateng adhimas ……… sakkulawarga.

Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning panggalih, saperlu nglajengaken wungon tirakat sakeparingipun.

Baca juga Tuladha Atur Pambagyaharja Temanten

Wondene menggah wigarosing gatti wontenipun pahargyan prasaja ing dalu kalenggahan punika, kaparenga ngaturi wuninga bilih rikala dinten ……… surya kaping ……… wanci tabuh ……… wonten ing ……… kadang kula anem adhimas ………, pinaringan momongan mijil jalu/pawestri, ingakng ing dalu kalenggahan punika kaleres jangkep sepekenanipun/selapananipun.

Ibu dalah ponang jabang bayi, kaparing rahayu wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.

Wondene pun jabang bayi kaparing tetenger (nami) ……… 

Ingkang punika dhumateng panjenenganipun para tamu, kaparengan paring tambahing donga pamuji, mugi-mugi kadang kula anem adhimas …….. sakukuban, tansah pinaringan rahmating Pangeran saha pun jabang bayi ing akhir dewasanipun dados lare ingkang utami, bekti dhumateng Gusti punapa dene tiyang sepuh, miwah piguna dhumateng nusa lan bangsa, murakabi dhumateng sesami.

Baca juga Tuladha Panampi Pasrah Lamaran

Minangka pungkasing atur, hambok bilih wonten kuciwaning boja krami, anggen kawula hanampi menggah karawuhan panjenengan sami, inggih ingkang nata palenggahan, atur pasugatan, punapadene para putra anggenipun atur leladi kirang mranani ing penggalih, mawantu-wantu kadang kula anem adhimas ……… nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Semanten ugi kawula minangka talanging basa, hambok bilih wonten keladuking patrap lan pangucap, tuna dungkaping paramasastra ingkang boten anuju prana, kupat duduhe santen menawi lepat nyurun pangapunten.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Baca juga Tuladha Atur Pamitan lan Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain