Adat Jawa Mantu
Palakrami
inggih menika sawijining reraken upacara ingkang dipunlampahi antawisipun priya
lan wanita kangge nglalalaken sedaya tumindak ingkang magepokan kaliyang
pagesangan salak rabi kangge mujudaken sawijining bale sorah. Kangge nglampahi
palakrami, tiyang Jawi mesthi pados dinten ingkang sae, pramila kedah
dipunsuwunaken pirembagan saking para winasis petungan dinten adhedhasar
pathokan primbon Jawi lan agami.
Saderengipun
palakrami katindakaken, wonten pinten-pinten bab ingkang kedah dipunlampahi,
sae kangge calon panganten kakung menapa dene putri. Miturut Sumarsono (2007),
tata cara palakrami adat Jawi inggih punika kados mekaten.
Kaping 1 (Antawicara)
Inggih
punika pangandikan antawisipun pehak ingkang badhe kagungan kajat mantu kaliyan
pehak calon besa, saking pangandikan sepisan dumugi anggenipun nglamar saha
nemtokaken dinten ingkang gumathok (gethok dina)
Kaping 2 (Paseksen)
Babak
punika kagem ngiyataken rembag ingkang dipunsekseni kadang sanes uatawi pinisepuh
lan sesepuh kanan kering ing dalemipun, kanthi rantamaning acara inggih punika:
Srah-srahan
Inggih
punika nyaosaken saprangkat jangkepan sarana kagem nglancaraken lampahipun
kajat ngantos dumugi purna. Menggah saprangkat jangkepan sarana inggih punika:
- Sesupe utawi kalpika (ali-ali). Kalpika dupun damel bunder boten wonten pedhotipun supados katresnan kekalih boten pedhot sedangunipun gesang.
- Saprangkat Ageman Putri maknanipun setunggal lan setunggalipun kedah pinter nyimpen pawedos dhumateng tiyang sanes.
- Paesan ingkang kadamel saking emas, inten lan sapanunggalanipun. Ngemu surasa supados calon panganten saged ngupadi supados sumunar lan mboten damel cuwaning panganten priya.
- Jajan pasar. Kedadosan saking jadah, lapis, wajik, jenang ingkang sedanten kadamel saking beras ketan. Beras ketan saderengipun dipunolah ngantos wujudipun dados rumaket. Samenika ugi pangarep-arep temanten kekalih supados saget raket salawasipun.
- Who-wohan.
- Godhong Suruh. Godong suruh punika ngajeng lan wingkingipun benten werna. Ananging menawi dipunmamah raosipun sami. Samenika anggadhahi surasa menawi temanten kekalih saged jumbuh, tanpa ngurbanaken benten pamawas.
Paningsetan
Lambang
kakiyatanipun pangandikan temanten saged mujudaken paningset ingkan
dipuntengeri kanti liru kalpika dening calon temanten kekalih.
Asok
Tukon inggih menika nyaosaken tukon arupi
arta kagem mbiyantu kaluwarga panganten putri.
Gethok Dina ateges nggetokaken dina kagem ijab kabul lan resepsi. Biyasanipun kaluwarga panganten putri nggethokaken dinten ijab kabul saking para winasis petungan dinten.
Kaping 3 (Siyaga)
Wonten
ing babak punika ingkang gadhah kajat nyedah para sesepuh lan pinisepuh ugi
sanak kadang, kagem mbentuk panitua kagem nglampahi kagiyatan upacara-upacara
adat wonten ing dinten kajatan. Ingkang dipuncepakaken antawisipun:
- Sedahan inggih menika ngrakit sedahan ngantos dumugi panganduman
- Kumbakarnan
- Jenggolan utawi jonggolan. Ateges calon temanten kekalih lapuran dateng KUA. Tata cara menika asring dupunwastani tandhakan utawi tandhan, artosipun maringi tandha ing KPS menawi badhe wonten kajatan mantu, kanthi ijab kabul.
Kaping 4 (Rantamaning Upacara)
Wonten ing pirang-pirang perkawis wonten ing babak punika, antawisipun:
Pasang tratag lan tarup
Kembar mayang
Saking
tembung kembar tegesipun sami, kaliyan mayang tegesipun sekar jambe utawi
Kalpataru Dewandaru, lambang karemenan lan sugeng. Wondene kawiwahan sampun
cekap, kembar mayang dilabuh wonten ing prapatan mergi, samudra, lan
sapanunggalanipun kagem maksud supados pengantin ugi eling kaliyan asal-usul gesangipun
inggih punika saking Bapak kaliyan Ibu dumados perantaranipun Gusti Pangeran
Ingkang Maha Kuwaos.
Barang-barang kagem kembar mayang inggih punika
- Wit gedhang 2-3, kangge paesan. Kados biasanipun dipun paringi slemek saking tabung ingkang kadamel saking kuningan.
- Godhong dadap serep. Saking tembung rep, tegesipun adem, teduh, tentrem, lan mboten wonten gangguan.
- Pari
sewuli. Nggadhahi teges, saya wonten isinipun
saya merunduk. Mugi kedah kaluwihan lan kacukupan gesangipun, saya entheng suku
kaliyan astanipun kaliyan kedah siyap mbiyantu sami ingkang kakirangan.
- Cengkir
gadhing. Ateges, Toya degan, inggih
punika toya suci resik, kang lambing menika mugi tresna piyambakipun tetep suci
dumugi akhir hayatipun.
- gedhang
raja suluhan. Ateges, mugi mbenjang nggadhahi wateg
ingkang sami kaliayan raja hambeg para marta ingkang ngutamaken kepentingan
umum.
- Tebu
ulung watangan. Antepanipun kalbu, yen sampun mantep
nemtoken pilihan, mboten menga-mengo tengen kaliyan kiwa mlalih.
- Sekar
kaliyan woh kapas. Ateges, Mugi kekalih
penganten mbenjang mboten kekirangan sandhang, pangan, kaliyan papan, kedah
pas, mboten pas-pasan.
- Sekar setaman dibokor. Ateges, mugi gesangipun kekalih pengantin kedah padhang kaya dene sekar ing taman.
Siraman
Ubarampe
ingkang kedah disiapaken awujudipun toya sekar setaman, inggih punika toya
ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar setaman
inggih menika mawar, melati kaliyan kenanga. Ingkang gadhahi tahap punika :
- Calon pengantin nyuwun donga pangestunipun kaliyan kekalih tiyang sepuh.
- Calon mantunipun lenggah ing tikar pandan papan siraman.
- Calon penganten disiram kaliyan pini sepuhipun, tiyang sepuhipun, lsp.
- Disiram ngangge toya kendhi kaliyan bapak ibunipun kaliyan dicuraken ing rai, sirah lan awakipun calon penganten. Menawi toya kendhinipun telas, kendhinipun lajeng dipecah asas kaluyan ngunjukake “niat ingsun ora mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku asaaawadon”.
Adol dhawet
Upacara
menika kalaksanakaken saksampunipun siraman. Penyadenipun inggih punika ibu
calon penganten putri ingkang dipunpayungi kaliyan bapakipun. Ingkang mundhut
inggih punika para tamu kanthi arta pecahan kreweng . Upacara punika ngandhut
pangajab supados mangke wektu upacara panggih lan walimahan, kathah tamu lan
rezeki ingkang dhateng.
Midodareni
Midodareni
inggih menika ndalu sakderengipun akad nikah, inggih menika ndalu nguwalaken
masa lajang kagem kekalih calon penganten. Adicara punika
kalaksanakaken wonten ing griyanipun calon penganten putri. Saklebetipun
adicara punika wonten adicara nyantrik kangge mestekaken calon penganten kakung
saged rawuh wonten ing akad nikah lan kangge bukti bilih kaluwarga calon
penganten putri sampun siap nglaksanakaken upacara wonten ing dinten
saklajengipun.
Midodareni
saking tembung widodareni saklajengipun dados midodareni
ingkang tegesipun ndamel kahananipun calon penganten putri kados dene widodari.
Wonten ing donya pewayangan kaayunipun lan kabagusanipun calon penganten
kaibarataken kayadene Dewi Kumaratih lan Dewa Kumajaya.
Kaping 5 (Pucuk adicara)
Ijab qobul
Kadadosan
penting wonten hajatan mantu inggih punika ijab qobul. Kekalih calon
penganten ngucapaken sumpah wonten ing ngajengipun naib ingkang
dipunsaksekaken wali, pinisepuh lan tiyang sepuh kekalih kaliyan para tamu
undangan. Wektu akad nikah, ibu saking kekalih, mboten ngagem subang utawi
giwang supados wujudaken keprihatinan kadadosan nikahaken utawi ngentasaken
putra.
Upacara panggih
Wondene reroncening adicara upacara
panggih inggih punika;
- Liron
kembang mayang. Kekalih calon penganten tukar kembang
mayang, gadahi teges manunggalaken cipta,rasa, lan karsa kangge sareng-sareng
mujudaken kabahgyan kaliyan kawilujengan.
- Gantal. Godhong
suruh dipungulung alit dipuntaleni bolah putih ingkang dipununcalaken kaliyan
piyambak-piyambak penganten, kanthi pangajab mugi sadaya godha bakal musna keno
uncalan punika.
- Ngidak
endhog Penganten kakung ngidak endhog pitik
ngantos pecah kagem simbol seksual kekalih penganten sampun pecah pamoripun.
- Sukunipun
temanten kakung dipun wijiki dening temanten putri. Wijik
ginakaken toya sekar setaman gadhahi amakna supados winih ingkang dipun
kasilaken resik saking tindakipun ingkang reged.
- Ngunjuk toya degan Toya menika dipun anggep kangge lambang toya gesang, toya ingkang suci lan toya nai (manikem)
- Dipun
kepyok ginakaken sekar warna warni. Ngandhut angen-angen
supados keluwarga ingkang dipun bina saged raos suka lair lan
batinipun.
- Mlebet
ing pasangan. Maknanipun pinanganten ingkang sampun
dados pasangan gesangipun kedah siap makarya nindakake kuwajibanipun.
- Sindur. Sindur
utawi isin mundur, tegesipun boten cepet gela ngadepi
tantangan pagesangan.
- Timbangan. Bapa
saking temanten putri lenggah wonten ing antaranipun pasangan temanten kakung,
suku ingkang kiwa dipun lenggahi temanten putri. Isinipun pacelaton
singkat antarane bapa lan ibu temanten putri inggih punika temanten
sampun imbang.
- Kacar-kucurmTemanten
kakung ngucuraken asilipun dhumateng temanten putri ingkang awujud arta receh
lan kelengkapanipun. Ngandhut artos temanten badhe tanggung jawab nyaosi nafkah
dhateng keluwarganipun.
- Dulangan/
Dahar Klimah. Temanten kakung lan temanten putri pada
dedulangan . wonten maknanipun tutur adilinuwih dipun lambanganken ngangge
sanga tumpeng ingkang nggadahi makna:
Tumpeng tunggarana |
supados kedah eling
dhumateng Gusti. |
Tumpeng puput |
wanton piyambak. |
Tumpeng bedhah
Negara |
nyatunipun kakung lan putrid |
Tumpeng sangga
langit |
bektos dhumateng tiyang sepuh |
Tumpeng kidang
soka |
dados ageng lan alit. |
Tumpeng
pangapit |
raos seneng lan duka inggih punika
saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos |
Tumpeng
manggada |
wonten donya punika boten wonten
ingkang abadi. |
Tumpeng
pangruwat |
kedah bektos dhumateng mara sepuhipun. |
Tumpeng
kesawa |
wejangan supados sregep makarya. |
Sungkeman
Sungkeman
ungkapan bektos dhumateng tiyang sepuh, lan nyuwun donga pangestu. Caranipun
jongkok, nyepeng dengkulipun tiyang sepuh temanten putri, dipun wiwiti saking
temanten putri dipun dherekaken temanten kakung, lajeng dhumateng tiyang
sepuhipun temanten kakung.
Boyongan
Inggih
menika pihak keluwarga temanten kakung mboyong temanten putri dhateng dalemipun
temanten kakung saksampunipun pahargyan pawiwahan, biasanipun saksampunipun
sapeken (5 dinten).
Post a Comment