Pakaian Adat Jawa Udheng

Pangertosan Udheng

Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun hangagem.  Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi sirah.

Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami, lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken.  Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.

Kala rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka, dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun udari malih.

Peranganipun Udheng

Asma-asma peranganipun udheng, cakrik sarta tegesipun:

  1. Kuncung, inggih menika awujud pucukipun iket, ingkan mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas bathuk.  Kuncung menika namung wonten ing udheng cekok mondhol.
  2. Wiron, inggih menika perangipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun wonten ngajenganipun udheng pas kiwa lan tengen sak nginggilipun alis. (ugi dipun sebat dhestar).
  3. Sunglon, inggih punika pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron.
  4. Kemadha, inggih punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten kiwa tengenipun udheng.  Ingkang lancip menika kawastanan cakrik pangkur.
  5. Talingan, inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap, radi melengkung supados trep mapan sak nginggilipun talingan.
  6. Modangan, inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten sisih nginggil (nginggil rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-embun).
  7. Mondholan, inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bunder semu lonjong radi gepeng ingkang kapapanaken wonten sak wingking udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok.
  8. Pucuking Udheng iku ana ing sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan (ingkang mangangge hanggadahi raos perbawa).  Dene manawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem hanggadahi raos Satriya). Cakrik seratanipun sampun nedahaken wonten “Stopres” ingkang isen-isen sekar.  Utawi cakrik pangkur ingkang wonten untu walang. Cakrik perbawan punika minongka dasaring dhestar rikala ageman taksih dados agemanipun Karaton Surakarta.

Patrapipun Hangagem Udheng

Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring, methongkrong menapadene Jeplak.  Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng wiyaripun setunggal nyari.

Filosofine Udheng

Supaya menungsa iku sayogyane nduweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung amarga situasi utawa kahanan kang ora ndukung.