Iklan Abasa Jawa
Pangerten Iklan Abasa Jawa
Iklan yaiku sawijining pesen ngenani barang utawa jasa kang digawe dening prodhusen kang diandharake ing papan panggonan umum kang katujokake kanggo bebrayang agung lumanthar medhia (cithak, audio, elektrinik) utawa papan. Iklan menehi katrangan marang konsumen babagan barang kang ditawakake. Lumrahe njlentrehake kaluwihane barang/jasa iku supaya narik kawigatene wong akeh. Iklan kudu digawe kanthi kreatif, prasaja, nganggo basa kang trep, cekak nanging kudu jumbuh lan nggambarake barang sing ditawakake. Ancase iklan yaiku milut/mbujuk konsumen supaya gelem tuku barang utawa jasa sing ditawakake.
Jinising iklan
Ing ngisor iki yaiku jinising iklan.
- Iklan komersial, yaiku iklan kang ancase nawakake barang (produk) lan jasa (leladen). Tuladhane kaya iklan sepatu, iklan sabun, iklan klambi, lan sapiturute.
- Iklan kulawarga/uleman, yaiku iklan kang awujud ajak-ajak supaya teka ing pahargyan. Tuladhane kaya adicara wisuda, palakrama, ambal warsa, kesripahan, lan sapiturute.
- Iklan panjaluk, yaiku iklan kang isine njaluk babagan tartamtu. Tuladhane kaya lowongan kerja.
- Iklan layanan masyarakat, yaiku iklan kang nduweni ancas ngelingake utawa menehi katrangan marang bebrayan (mligine babagan kasarasan). Tuladhane kaya iklan KB, posyandu, bahayane ngrokok utawa narkoba, lan sapiturute.
Iklan Miturut Medhiane
Manfaate Iklan
- Ningkatake pemasaran kanggo nawakake barang dagangane.
- Kanggo sambung rasa tumraping prodhusen lan konsumen.
- Kanggo sarana sesambungan ing urip saben dinane.
- Sarana kanggo konsumen anggone milih barang, konsumen bisa milih barang kang luwih apik lan regane luwih murah kanthi medhia iklan.
Nemtokake Kaidah Penulisan Iklan Abasa Jawa
- Nggunakake basa sing bisa narik kawigaten lan gawe konsumen kepingin tuku utawa nganggo produk sing diiklanake.
- Njlentrehake informasi ngenani produk sing diiklanake bisa awujud barang utawa jasa.
- Nggunakake basa slogan sing bisa dadi ciri prodhuk sing diiklanake.
Nemtokake Isi Iklan Abasa Jawa
Bagian kang wigati ana ing iklan iku babagan isine. Isine iklan iku ngemot informasi pokok sajroning iklan. Iklan iku nduweni kagungan kanggo ngandgarake gagasan, nawakake barang utawa jasa, lan menehi andaharan babagan kang wigati, kaya ta kasarasa, andharan pamarentah, lan sapiturute. Magerteni isine iklan gumantung saka basa sing digunakake sajroning iklan. Sangsaya endah bahasane, sangsaya gampang dimangerteni, uga sangsaya narik kawigatene konsumen. Dene paugerane iklan yaiku kaya ing ngisor iki.
- Kudu Objektif lan Jujur. Ateges, iklan kudu njlentrehake kahanan prodhuk sing ditawakake kanthi jujur supaya ora gawe masyarakat kuciwa.
- Cekak lan Cetha. Ateges, ing sajroning iklan iku lumrahe digawe kanthi cekak lan cetha, ora kena ruwet lan njlimet.
- Ndudut Ati (Menarik). Ateges, isine iklan kepiye carane digawe supaya bisa ndudut atine para konsumen lan gelem nukoni barang utawa nganggo jasane.
- Ora Nyinggung Produk Liya. Ateges, iklan sing becik ora kena nyinggung prodhuk liya. Sanajan prodhuk-prodhuk kang diiklanake saingane akeh, nanging nalika ngiklanake tetep ora kena nyinggung prodhuke liya.
Isine Iklan kudu jumbuh marang tujuan utawa ancase. Miturut tujuane utawa ancase, iklan kaperang dadi loro, yaiku kaya ing ngisor iki.
Iklan Informatif
Iklan infotmatif yaiku iklan kang nduweni paugeran kaya ing ngisor iki.
- Nduweni ancas mbentuk kesadharan lan kawruh babagan prodhug utawa spesifikasi saka prdhuk kang wis ana.
- Njlentrehake cara kerja prodhuk.
- Menehi informasi lan kemasan prodhuk.
Iklan Persuasif
- Nyiptakake kasenengan, pilihan, lan keyakinan saengga konsumen gelem tuku utawa migunakake barang lan jasa kang diiklanake.
- Mbujuk khalayak supaya milih merek tartamtu.
- Mbujuk khalayak supaya tuku barang sing ditawakake.
- Ngowahi tanggapane konsumen marang babagan tartamtu.
- Mbujuk khalayak supaya nglakoni apa sing ditulis ing iklan.
Post a Comment