Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

Serat Wedhatama kang karipta dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A.) Sri Mangkunegara IV menawa diudhari maknane kebak budi pakarti kang luhur, linuwih kanggo generasi Mudha jaman saiki. Senajan Serat Wedhatama diserat kawit jaman semana, nanging pitutur luhur saben pupuh bisa dienggo ing jaman maju kaya saiki.  Menawa kabeh generasi mudha mangerteni piwulang luhur kasebut, ing pupuh nduweni karakter pribadi lan sosial kang becik.

Serat Wedhatama nduweni limang pupuh yaiku, Pucung Gangkur, Sinom, Kinanthi lan Gambuh. Serat kasebut kalebu kasusastran Jawa kang karipta ing tlatah Surakarta dening K.G.P.A.A. Sri Mangkunegara IV. Saben pupuh nduweni pirang-pirang pada kang kebak ngenani kepiye carane mbangn budi pakarti kang luhur.

Serat Wedhatama pupuh Gambuh ana 35 pada, saben pada nduweni piwulang luhur dene pupuh liyane. Tegese gambuh sasitane tembuh, embuh, jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh liyane. Tegese gambuh yaiku lanteh. Lumrahe kanggo menehi ngilmu kang kukuh/bakuh (teges/galak).

Watake tembang Gambuh iku sumanak lan sumadulur. Maknane tembang gambuh iu nggambarake watake pawongan kang ngancik diwasa utawa pribadi sangsaya diwasa, mula bisa menehi pitutur lan tansa menehi pangerten.

Paugerane tembang gambuh yaiku;

Guru Wilangan

Guru Lagu

Guru Gatra

7

U

5

10

U

12

I

8

U

8

O


Mangerteni Isi Tembang Gambuh

Wos surasa utawa isi tembang Gambuh ing Serat Wedhatama kaya ing ngisor iki.

  1. Ngajarake supaya sekabehane tumindak becik mung walaka utawa apa anane lan gelem menehi pangapura marang wong liya (den ngaksama kasisipaning sessami).
  2. Ngajarake supaya ngadohi tumindak nistha lan angkara murka (sumimpangan ing laku dur).
  3. Ngajarake supaya nindakake pitutur-pitutur ing tembang, kudu teguh lan santosa bebudene uga kudu sabar, ikhlas, lan tawakal serta tanggap marang pungkasaning urip iki.
  4. Ngajarake menawa guneman nganggo waton supaya tansah kajen ing sangarepe wong liya (nanging ta paksa tutur, rehning tuwa, tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh utami).
  5. Ngajarake menawa agama kui cagaking urip saengga kudu gelem manembah marang Gusti kanthi piranti sembah catur, yaiku sembah raga, jiwa lan rasa.

Sembah raga yaiku manembah marang Gusti kang kawitan kanthi cara-cara nindhakake printah-printah ing agama kanthi cetha.

  • Sembah cipta (kalbu) yaiku ngendhaleni hawa nepsu kanthi cara sabar, wening lan eling ing saben tumindak.
  • Sembah sukma yaiku ngresiki batin kantho tansah eling lan waspada. Tuladhane tansah nduweni rasa sukur marang Gusti Kang Mahaagung kanthi njaga raga, rasaa, lan batin supaya adoh saka tumindak culika lan nistha utawa ala.
  • Sembah rasa yaiku rasa kang bisa dirasakake marang awake dhewe kanthi cara wis ora mungu-mungu maneh marang kuwasane Gusti kang akarya jagad.
Nggancarake Tembang Gambuh

Gancaran ing bahasa indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges ngowahi tembung nganggo basane dhewe supaya bisa dadi gancaran. Ssadurunge gawe gancaran kudu mangerteni carane nggancarake. Ing ngisor iki tata cara gawe gancaran saka tembang:

  1. Ukara-ukarane tembang kang menawa tembung baliswara (tembung kang anggone negesi kanthi diwalik) diudhari.
  2. Menawa ana tembung Kawi (tembung Jawa Kuna) kudu diowahi dadi tembung Jawa anyar kang lumrah dienggo utawa dirungokake saben dina.
  3. Menawa ana tembung garba (tembung sandhi) kudu diudhari.
  4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi tembung saperlune. Mangkono ugo tumrap ater-ater lan panambang.
  5. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaowahana dadi paragraf kanthi bener. Nggatekake titik koma, tandha pitakon, lan tandha prentah.

Piwulang Luhur jroning Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

Piwulang luhur yaiku nilai kebecikan sing bisa dijupuk jroning tembang. Piwulang iki ana gegayutane karo kahanan ing urip pandinan. Piwulang luhur jroning kasusastran iku kaperang kaya ing ngisor iki.

  1. Nilai religius, yaiku piwulang luhur sing ana gegayutane karo keyakinan lan agama, kayata babagan ngibadah utawa sembahyang.
  2. Nilai sosial, yaiku piwulang luhur kang ana gegayutane karo paugeran-paugeran urip ing masyarakat.
  3. Nilai kabudayan, yaiku piwulang luhur kang ana gegayutane karo adat istiadat lan kabudayan kang dilakoni ing masyarakat tertamtu.
  4. Nili moral, yaiku piwulang luhur kang ana gegayutane karo budi pakarti ing masyarakat.
Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain