Pranata Adicara
Pangertene Pranata Adicara
Pranata adicara utawa MC kuwi pawongan sing duwe
jejibahan/kewajiban ngaturake titi laksanan (lakune) sawijine upacara adat,
temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan
(pista), pengaosan utawa pentas (show), lan sapiturute. Ing upacara
adat temanten Jawa, pranata adicara kejibahan ngaturake titi laksana (lakune)
adicara ijab, pawiwahan, lan pahargyan.
Sarate pranta adicara ana papat, yaiku.
- Swara yaiku anggone micara kudu digladi utawa dilatih supaya bisa cetha, pangucap kudu jelas artikulasine (pelafalan), intonasi (penekanan kata), lan ora kesusu anggone ngucap supaya apa kang aiaturake bisa tinampa kanthi cetha dening para rawuh.
- Busana. Ana unen-unen ‘ajining raga saka busana’, mula kudu digatekake bab busana nalika nindakake pakarya dadi pranata adicara. Anggone nganggo busana kudu dijumbuhake karo kaperluan ana ing acara kang bakal ditindakake, umpamane yen ana ing adicara manten nganggo adat Jawa, nggunakake panganggo adat Jawa, utawa nganggo klambi kang jumbuh karo acarine.
- Subasita utawa tata krama sajroning dadi pranata adicara uga kudu digladi, sebab tata krama sing kurang, bisa nyuda kawibawaane pranata adicara. Solah bawa aja nganti digawe-gawe. Sing prasaja utawa lumrah ora kaku, pasuryan uga kudu grapyak, sumanak, lan eseme tansah sinungging ing lathi.
- Basa sing digunakake kudu manut marang tuntunaning basa sing bener. Pamilihing tembung kang dironce (disusun) dadi ukara kudu bener, dadi bisa luwes anggone ngucap lan kepenak yen dirungokake para rawuh.
Rama Sudi Yatmana (1989:1) njlentrehake kanthi aran Saptama
Pangolahing Raga minangka sarat pranata adicara yaiku:
- Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra, lan nyandhang panganggo kang trep, pantes, lan jangkep. Solah bawa sing luwes ora digawe-gawe.
- Malaksana, mlaku-samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih, lan ora wigah-wigih, serta ora ngisin-ngisini.
- Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendho, ora ndoyong.
- Maraga, ora gugup, ora wedi, ora gemeter, ante plan anteng obahe awak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora kathon ndangak, tangan kudu bisa nambahi cetha apa kang diucapake.
- Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag-ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nanging ugo ora katon grusa-grusu.
- Matanggap, tanggap ing sakabehaning swasana, serta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata adicara uga bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandang susah/sungkawa.
- Mawat, antep, mantep ngentasi purwa, madya, lan wasananing karya. Dadi pranata adicara kudu bisa ngendhaleni acara wiwit kawitan nganti pungkasane acara kanthi mantep lan sampurna. Aja nganti acara kang kacecer utawa keliwatan saka rantaman.
Kanggo nggampangake gawe teks pranata adicara, kudu
mangerteni perangane teks pranata adicara kaya ing ngisor iki.
Salam Pambuka. Tuladha: Assalamu’alaikum; Sugeng enjing; Sugeng
siyang; Sugeng rawuh.
Sapa Aruh. Tuladha: Kepala SMA N 2 Wonosari ingkang minulya,
Bapak/Ibu Dwija ingkang kinurmatan, saha rencang-rencang ingkang bagya mulya.
Puji Syukur Konjuk marang Gusti Ingkang Mahakuwasa. Tuladha:
Sumangga kula lan panjenengan ngonjukaken puji syukur dhateng Gusti Allah Swt.
ingkang sampun paring kanikmatan dhateng kula lan panjenengan saengga saged
kempal manunggal ing papan menika kanthi kalis nir sambekala.
Ancasing Gati
Panutup
- Atur Panuwun. Minangka atur panuwun kanggo tiyang kang padha rawuh. Tuladha: Matur nuwun awit karawuhanipun panjenengan ing wedal menika.
- Atur Pangapura. Minangka njaluk pangapura menawa ana kalepatan marang sing padha rawuh. Tuladha: Saderengipun kulo mungkasi adicara menika, kula minangka pranata adicara ngaturaken pangapunten hambok bilih anggen kula ngaturaken acara ing wedal menika wonten kalepatan atur amargu kiranging seserepan.
Salam Panutup
Supaya anggone ngayahi dadi pranata adicara bisa becik, kudu
nggatekake unsur-unsur kaya ing ngisor iki.
- Wiraga yaiku solah bawa kang nengsemake nalika dadi pranata adicara
- Wirama yaiku babagan irama utawa intonasi kang digunakake nalika ngaturake titi laksana.
- Wirasa yaiku babagan wetuning pangrasa marang acara kang lagi ditindakake.
- Wicara yaiku babagan carane pocapan utawa gunem kang bener lan cetha nalika ngadharake titi laksana.
Maca Teks Pranata Adicara
Nalika maca titi laksana, pranata adicara mbutuhake kaprigelan
supaya kang ngrungokake bisa neneg lan gampang mangerteni. Kaprigelan kasebut
antarane:
- Nggunakake pangucap kang trep.
- Pamedhote ukara kudu trep.
- Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep.
- Ngreteni tandha wacana kanthi trep.
- Swara kudu cetha.
- Ngatur alon lan cepete pamaca.
- Ngolah treping mlebu wetuning napas.
- Mangerteni wacan.
- Percaya marang dhiri pribadi.
Metodhe-metodhe kang digunakake pranata adicara yaiku:
- Maca teks, yaiku nalika dadi pranata adicara bisa nggunakake teks.
- Apalan, yaiku nalika dadi pranata adicara kudu ngapalake luwih dhisik teks kang areo diandharake.
- Ekstemporan, yaiku nalika dadi pranata adicara nggawe catetan cilik.
- Impromtu, yaiku pranata adicara menawa arep ngandharake adicara tanpa persiapan utawa dadakan
Nemtokake Isi Teks Pranata Adicara
Carane nemtokake isine teks pranata adicara padha karo nemtokake
isine teks liyane. Kapisan kudu mangerteni perangan saka teks pranata adicara.
Kanggo nggampangake anggonmu nemtokake isi teks pranta adicara, bisa migunakake
pathokan ing ngisor iki.
- Acara apa kanga rep dilaksanakake?
- Sapa sing ngayahi pahargyan iku?
- Sapa kang kapilih dadi pambagyaharja lan paring sesorah?
- Kapan acara iku dianakake?
Struktur Teks Pranata Adicara
Struktur teks pranata adicara iku ana papat, yaiku:
Uluk salam
Uluk salam yaiku perangan kang isine ngaturake salam marang para
tamu kang wis rawuh ing adicara kasebut.
Tuladha:
- Sugeng enjing, sugeng siyang, utawa sugeng dalu (gegayutan karo wektu).
- Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Pambuka
Ing perangan iki ana rong perangan kang kudu kamot, yaiku
Atur pakurmatan (Sapa Aruh)
Pambuka iku perangane pranata adicara kang isine babagan atur
pakurmatan marang sapa war kang wir rawuh ing adicara kasebut.
Tuladha:
Dhumateng panjenenganipun para pepunden, para sepu, para pinisepuh
ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang
pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka
pandam-pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana sujaning budi ingkang sampun wenang hanampi
wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng brayat
wira wiyata, brayat wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahembeg
luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci
wahyuning ilahi minangka penuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring
budi.
Panjenenganipun para satra wreda, carana madya, oara tamu kakung
sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lumanta
sinudarsana.
Puji Sukur
Pocapan puji syukur iki perangan kang ngajak para rawuh ngaturake
puji sukur dhumateng Gusti Allah amarga wis diparingi kasarasan saengga bisa
ngrawuhi adicara kasebut.
Tuladha:
Sumangga kita ngonjukaken puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Mahaasih saengga kula tuwin panjenengan sami saged kempal manunggal ing adicara menika.
Isi
Isi utawa wosing pranata adicara ngrembuh babagan rantamaning
adicara saka purwaka nganti pungkasaning adicara.
Tuladha:
Perlu kawuningan bilih wonten dinten punika, Jumat, 17 Agustus
2018, pawiyatan SMA N Bhakti Mulia ngawontenaken pahargyan dinten Kamardikan
Indonesia. Rantaman adicara ing enjang punika inggih punika:
- Pambuka
- Sambutan
- Inti
Panutup
Mekaten lampahing acara ingkang sampun karakit, ingkang punika
mugi panjenengan sedaya kersa lenggah saha ngestreni dumugi paripurnaning
pahargyan, nuwun.
Ngancik acara ingkang kaping pisan inggih punika pambuka, manga
kita buka acara ing enjang punika mawi maos basmalah sesarengan, (Bissmillahirrahmanirrahim).
Mugi mugi kanthi waosan basmalah menika acara waged lumampah kanthi lancar
boten wonten alangan satunggal menapa.
Panutup
Penutup iku perangan pranata adicara kang isine pocapan matur
nuwun tumrap para rawuh lan njaluk ngapura menawa ana solah bawa kang kurang
trepsila lan tetembungan kurang mranani saka pranata adicara.
Tuladha:
Dumugi ing pungkasaning adicara inggih punika panutup. Naming saderengipun kita tutup mbok bilih anggen kula matur lan ngancarani nggadhahi kalepatan ingkang kirang nujuprana ing ngarsa dalem panjenengan sedaya, saestu kula nyuwun agunging pangapunte. Salajengipun manga kita tutup acara ing siyang punika kanthi waosan hamdalah sesarengan, (alhamdulillahirabbilalamin).
Nulis Teks Pranata Adicara
Ing piwulangan ngarep wis njlentrehake ngenani struktur teks
pranata adicara, perangane yaiku uluk salam, pambuka, isi, lan penutup. Kanggo
nulis teks pranata adicara, kudu nggatekake basa kanga rep kogunakake. Amrih
becik nganggo basa krama alus kang luwih ngajeni tamu kang rawuh.
Panyandra lan Pepindhan
Panyandra
Panyandra iku tetembungan utawa ukara kang wis gumathok kanggo
nyandra kahanan alam, satriya, ratu, perangan awak, solah bawa, lan sapiturute.
Panyandra biyasane diaturke dening pranata adicara kanggo nggambarake utawa
ngaturi babagan kahanan lan swasana tartamtu marang kang padha ngrungokake
utawa para pemirsa.
Tuladha:
- Alias nanggal sepisan.
- Rambute ngadhan-adhan.
- Bangkekane nawon kemit.
- Drijine mucuk eri.
- Idepe tumengeng tawang.
Pepindhan
Pepindhan yaiku unen-unen kang ngemu teges irib-iriban utawa
emper-emperan. Gunane pepindhan yaiku kanggo ngandharake wujud, kahanan,
pakarti, lan sapanunggalane kang sipate mbangetake ketimbang karo wujud,
kahanan, pakarti kang sanyatane.
Tuladha:
- Bungahe kaya katiban ndaru
- Cep klakep kaya orong-orong kepidak.
- Lakune kaya macan luwe.
- Kuning pindha emas sinangling.
Post a Comment