Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

Serat Wedhatama
Serat Wedhatama yaiku salah sawijining tembang seratan Kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A.) Sri Mangkunegara IV. Serat Wedhatama
ngandut piwulang luhur kanggo mbangun budi pakarti. Serat Wedhatama nduweni
piwulang babagan budi pakarti utawa tumindak utama manungsa.
Serat Wedhatama asale saka basa Sangsekerta, yaiku ‘wedhatama’.
Miturut kamus Kawi-Indonesia karangan L. Mardiwasito asale saka tembung ‘wedha’
kang ateges ilmu pangerten, lan tembung ‘tama’ tegese becik. Miturut R. Tanojo
tegese tembung ‘wedhatama’ yaiku pepathoking putra. Dideleng saka tembung
‘wedha’ tegese pepakem (pathokan) lan ‘tama’ utawa ‘utama’ kang duwe teges
anak. Pepathoking putra tegese pathokang utawa paugeran kanggo putra-putrine.
Serat Wedhatama ngemot tembang macapat, yaiku pupuh Pangkur,
Sinom, Pucung, Gambuh, lan Kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki
katrangan ngenani pupuh tembang Serat Wedhatama.
Pangkur (14 Pada)
Ana ing serat wedhatama pupuh Pangkur nduweni piwulang ngelmu kang
sampurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan subasita ing
bebrayan. Serat utama kanggo nduweni urip kang becik yaiku ati-ati utawa mawas
dhiri. Manungsa kang kasil saka mawas dhiri utawa ati-ati anggone nglakoni urip
bakal tentrem ana ing alam donya.
Sinom (18 Pada)
Pupuh Sinom ana ing serat wedhatama yaiku isine babagan pikolehe
saka tumindak ngati-ati, tuladhane yaiku Nata Mataram Senapati kang nduweni
pangkat wong agung ing ngeksiganda, tegese salah sawijining pemimpin
kang pantes dituladha, sumeh, uga tresna marang kawulane lan asring nglakoni
pasa, ananging ora ngadoho marang kawulane.
Pucung (15 Pada)
Isine pupu Pucung ana ing serat wedhatama tegese kawicaksanaan
sejati. Kawicaksanaan sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan.
Kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang Panembahan Mangkunegara IV yaiku
lila lan nrima, legawa utawa lila atine pasrah, sabar, tulus, ikhlas marang
Gusti Kang Mahaagung.
Gambuh (35 Pada)
Piwulang kang ana ing pupuh Gambuh yaiku rasa syukur marang Gusti
Allah Kang Mahaagung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murka, lan
sipat ngendel-ngendelake, uga tekun nglakoni sembahyang.
Kinanthi (18 Pada)
Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama pupuh Kinanthi
diringkes dadi rong kelompok.
Piwulang kanggo Kanoman
- Supaya nyinau babagan busana lan subasita, uga mangerteni sumber ngelmu kang bener.
- Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga nduweni panguwasa.
- Supaya bisa milah-milahake kanthi titi kabeh piwulang lan bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocogake papan lan ketrampilan kang diduweni.
- Supaya gelem mbudi daya kanggo trisarana urip, yaiku wirta, arta, lan wasis.
Piwulang kanggo Wong Tuwa
- Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babagan ngelmu kang bener. Kepiye carane eling marang Gusti Kang Mahaagung. Uwong kang dianggep tuwa yaiku pawongan kang nduweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip, dudu wong kang tuwa umure.
- Dadi serat wedhatama yaiku ngelmu babagan kabecikan. Ananging ora mung piwulang kabecikan lahire nanging uga becik batine.
Serat Wedhatama Pupuh Pangkur
Pangkur asale saka tembung ‘mungkur’ kang ateges nyingkiri utawa
ngungkurake hawa nepsu angkara murka. Tembung ‘pangkur’ iku karangane Kanjeng
Sunan Maryapada kang nduweni makna nggambarake manungsa nalika wis kliwat umur
utawa wis ngungkurake babagan kandonyan saengga bisa ngendhaleni tumindak lan
nepsu-nepsu kang ala, pamikirane mung kepiye mengkone naliko wancine sowan ing
ngarsa Gusti lan golek memanising pati.
Watake tembang Pangkur iku banter, mantep kereng, lan nesu. Cocok
kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute.
Tembang Pangkur iku nyritakake wong kang atine wis sumeleh lan nyedakake uripe
marang Gusti Kang Mahakuwasa.
Serat Wedhatama pupuh Pangkur nduweni piwulang luhur kaya ing
ngisor iki.
- Ngajarake tuntunan moral babagan etika pribadi minangka pambangun watak dhiri pribadi. Babagan iki jumbuh karo gatra ing tembang Pangkur pada kaping 5 ‘bungah ingaranan cubluk’ kang nduweni werdi ngelmu iku ngajarake supaya nampa kanthi bungah menawa dianggep bodho lan tetep bungah menawa diina (sukeng tyas yen denina).
- Ngajarake babagan etika sosial minangka pendhidhikan karakter kanggo urip bebrayan (masyarakat). Ing tembang Pangkur nggegulang supaya dadi wong kudu mangerteni subasita.
- Ngajarake supaya aja tumindak kaya dene tumindake wong bodo sing senengane ngomong ora karuan lan ora tinemu nalar (ngadar-adar angendhukur, kandanenora kaprah).
- Ngajarake babagan agama utawane mring Kang Mahakuwasa. Ing kene diajarake menawa agama iku dadi cagaking urip kang luhur (agama ageming aji).
Kaya dene tembang macapat liyane, tembang macapat
Pangkur uga nduweni paugeran dhewe kang kaperang saka guru lagu, guru gatra lan
guru wilangan.
- Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
- Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sapada.
- Guru gatra yaiku cacahe larik saben sapada.
Sapada ing tembang macapat artine sabait.
Tembang Pangkur nduweni paugeran kaya ing ngisor iki.
- Guru Gatra : 7
- Guru Lagu : a, i, u, a, u, a, i
- Guru Wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Ngrancakake Pupuh Pangkur ing Serat Wedhatama
Nggancarake tembang tegese ngowahi ukara ing njero tembang supaya
gampang dimangerteni isine. Carane nggancarake tembang yaiku,
- Nambahi tembung supaya luwih gampang dimangerteni. Tuladha: Adat waton puniku dipun kadulu. Ditambah tembung ‘uga’ dadi ‘uga adat waton puniku dipunkadulu.
- Ukara kang nganggo basa Kawi utawa Jawa Kuno dijarwakake. Tuladha: Matsara ; Murka
- Tembung sandi utawa garba kudu diudari. Tuladha: Durgameng ; durgama + ing
- Ukara kang kaiket nganggo paugeran baliswara kudu diudhari. Tuladha: Anoman malumpat sampun ; Anoman sampun malumpat.
- Menawa perlu, uga bisa ngilangi utawa nambahi ater-ater, seselan, utawa panambang.Tuladha : Ginawe ; gawe + seselan (-in) *(dalam bahasa Indonesia disebut infiks)
Piwulang Luhur lan Nilai ing Jroning Serat Wedhatama Pupuh Pangkur
Piwulang luhur yaiku ukara sing becik jroning tembang kang pantes
tinuladha. Piwulang kaya dene amanat nalika ing crita. Menawa arep nemtokake
piwulang luhur jroning tembang kudu mangerteni isine tembang.
Piwulang luhur jroning pupuh Pangkur ana papat, yaiku ana gegayutane karo babagan etika sosial, babagan moral, karakter dhiri, lan nembah marang Gusti Kang Mahakuwasa.
- Nilai kang kakandhut jroning tembang Pangkur ana telu, yaiku:
- Nilai religius yaiku nilai sing ana gegayutane karo ngibadah, amalan, satengat agama, lan liya-liyane.
- Nilai sosial yaiku nilai sing ana gegayutane karo tumindak, unggah-ungguh, tepa slira ing urip bebrayan agung.
- Nilai kabudayan yaiku nilai sing ana gegayutane karo adat istiadat.
Nulis Tembang Pangkur
Urut-urutaning nulis tembang macapat kaya ing ngisor iki.
- Nemtokake tema
- Nemtokake jinising tembang, umpamane Mijil, Pucung, Kinanthi, lan sapanunggalane.
- Nulis paugeran tembang (guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan)
- Milih tembung lan ukara kang edi peni.
- Nggawe ukara kang jumbuh karo paugerane tembang.
- Niti maneh tembung lan ukara kang wis digawe, kudu jumbuh karo paugeran kang wis ditulis mau.
Post a Comment