Wacana Eksposisi Adat Mantu

Wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos pikoleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangerten pamaos bisa mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane iki bisa ditindakake lumantar sadhengah cara njlentrehake, ing antarane proses lan ilustrasi.

Bab kang dijlentrehake ing wacana eksposisi bisa awujud:

  1. Data faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata, kedadeyan ana, lan bisa asipat historis (bisa dicritakake kanthi cetha).
  2. Sawijining analisis utawa panapsiran objektif marang saperangan pakta.
  3. Pakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
  4. Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki:
  5. Jlentrehake panemu, gagasan, lan keyakinan
  6. Mrelokake pakta kang dikuwatake utawa dicethakake kanthi angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar, lan sapiturute.
  7. Mrelokake analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan lan pakta.
  8. Nggoleki sumber ide saka pangalaman, pengamatan, tumindak, lan keyakinan.

Pathokan panulise eksposisi:

  1. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.
  2. Isi eksposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani tumindak lan panemune pamaos.
  3. Gaya eksposisi kudu informatif lan nyakinake.
  4. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional
  5. Ing eksposisi, pakta-pakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi pambuktine).
  6. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug.
  7. Panulis eksposisi kudu ngerti prastawa kang diandharake,
  8. Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.

Jinising wacan eksposisi yaiku kaya ing ngisor iki,

  1. Wacan sing nuduhake proses.
  2. Wacan sing nuduhake tulada.
  3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.


Wacan Eksposisi Upacara Mantu Adat Jawa

Wacan eksposisi adat Jawa sejatine njlentrehake maneka cara lan prekara kang ana ing upacara adat Jawa. Supaya bisa mangerteni isine wacan eksposisi kudu maca wacan kasebut kanthi premati. Saben paragraf diwaca kanthi temenan lan dimangerteni isine. Mangerteni isine wacan eksposisi bisa kanthi cara negesi tembung sing durung dingerteni lusih dhisik saengga bisa mangerteni apa kang dikarepake penulis.

Ing awacan eksposisi nduweni pitutur luhur kanggo pamacane. Pitutur luhur manggon ana ing surasane wacan eksposisi, arupa nilai apa wae kang kudu dilakoni manungsa supaya dadi manungsa kang nduweni bebuden becik.

Kareta Basa yaiku tembung loro sing digandheng nanging suda wandane lan mawa teges. Dadi kareta basa iku negesi tembung sarana mirid swara wandane.

Tuladha : Cengkir, ditegesi : Kenceng ing pikir // Gulu, ditegesi : Kaya tugu ning luwes

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain