Serat Wedhatama Pupuh Pucung

Hasil gambar untuk tembang macapat pucung
Sumber Gambar : Dewisundari

Pupuh pucung kang ana ing serat wedhatama kalebu kabudayan Jawa kang adiluhung amarga jroning serat wedhatama ngemot sawijining ajaran luhur kang ana ing bebrayan agung wiwit jaman biyen, yaiku jaman Mataram. Serat wedhatama nalika kuwi dadi landhesane para raja-raja Mataram anggone nggulawenthah putra-putrine kepiye anggone urip ing bebrayan agung kanthi kebak subasita lan adoh saka emban cindhe emban siladan. Ora mung kanggo katurunan raja, serat wedhatama uga bisa dadi paugerane urip kanggo wong kang gelem maca lan ngresepi. Ana piwulang iki awake dhewe bakal nyinaoni pitutur luhur kang ana ing serat wedhatama mligine pupuh Pucung.

Serat Wedhatama Pupuh Pucung

Pupuh Pucung ana jroning serat wedhatama kang dianggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A) Sri Mangkunegara IV. Piyambake kang jumeneng minangka pengageng Pura Mangkunegara uga kawentar minangka Pujangga Agung Surakarta.

Isine tembang ing serat wedhatama ngemot pitutur luhur arupa babagan budi pakarti lan carane anggone tumindak becik. Wiwitane, isine tembang arupa pitutur luhur kang katunjukake kanggo putra-putrine Mangkunegara IV, banjur supaya gampang anggone mangerteni lan nampa pitutur kasebut dironce lumantar tembang.

Serat Wedhatama isine wedha (panutan) marang kautaman. Kautaman kasebut kababar lumantar satus pada kang kabage dadi limang pupuh, yaiku:

  1. Pupuh Pangkur 14 Pada
  2. Pupuh Sinom 18 Pada
  3. Pupuh Pucung 15 Pada
  4. Pupuh Gambuh 35 Pada
  5. Pupuh Kinanthi 18 Pada

Pada yaiku cacahing tembang macapat saben satembang saka wiwitan tekan pungkasan. Dene pupuh yaiku pirang-pirang tembang, nanging sajinis utawa kumpulaning tembang sawerna.

Tembang kang ana ing serat wedhatama kalebu tembang macapat, kang nduweni paugeran arane guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Tembang Pucung iku nggambarake manungsa naliko wis dipocong utawa mati. Watake tembang Pucung iku sakepenake dhewe, sembrana, lucu, lan gawe seneng. Diarani sakepenake dhewe amarga tembang Pucung nggambarake manungsa iku lamun wis titi wancine tinimbalan dening Gusti ora bisa apa-apa, anane mung pasrah lan manut, kabeh gumantung marang sanak sedulur kang ngrukti/ngrumat. Tembang Pucung diarani lucu lan gawe seneng amarga surasane kala mangsane ngemot cangkriman saengga bisa gawe gegojegan.

Paugeran Pupuh Pucung

Sadurunge nyinaoni paugeran kang ana ing pupuh Pucung, kowe kudu ngeling-eling maneh apa kang diarani pupuh lan pada iku!

Paugera pupuh Pucung kaya dene tembang macapat liyane, yaiku ana telu.

  1. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
  2. Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben gatra.
  3. Guru gatra yaiku cacahe larik saben sapada (sabait)

Paugerane tembang Pucung kaya mangkene.

  1. Guru Wilangan     : 12, 6, 8, 12
  2. Guru Lagu            : u, a, i, a
  3. Guru Gatra           : 4

Serat wedhatama pupuh Pucung nduweni piwulang luhur kaya ing ngisor iki.

  1. Ngajarake supaya manungsa bisa ngendhaleni angkara murka amarga sikep kang kaya mangkono iku bakal nuwuhake prekara.
  2. Ngajarake babagan nggayuh ngelmu kang luhur amarga kanthi nduweni ilmu luhur kang arupa iklas, sabar, lan nrima mring Gusti bakale uripe mulya.

Nggancarake Pupuh Pucung

Supaya bisa mangerteni piwulang ing njero tembang Pucung, tembang iku digancarake luwih dhisik. Nggancarake tembang tegese ngowahi ukara-ukara ing njero tembang dadi ukara kang gampang dimangerteni kaya dene ukara kanggo guneman saben dinane.

 

Babagan kang kudu digathekake nalika arep nggancarake tembang yaiku,

Ukara kang iketane nganggo paugeran bali swwara kudu diudhari. Tuladha : malumpat sampun ; sampun malumpat

  1. Ukara kang mawa basa Kawi kudu dijarwakake. Tuladha : datan ; ora
  2. Tembung sandhi utwa garba kudu diudhari. Tuladha : kadya ; kadi + kaya
  3. Kena mbuwang utawa ngimbuhi tembung-tembung sawetara. Angkara gung ; angkara kang agung
  4. Menawa ana perlune, uga bisa ngilangi utawa nambahi ater-ater, seselan, utawa panambang.Tuladha :Ginawe ; gawe + seselan -in-

Nulis Syair Tembang Pucung

Nulis syair tembang Pucung padha karo ngarang syair tembang Pucung nagnggo basane dhewe. Namila arep nulis syair tembang kudu mangerteni babagan kang wigathi, yaiku:

  1. Akehe gatra (larik) saben sapada utawa guru gatra.
  2. Pungkasane swara ing saben gatrane utawa guru lagu.
  3. Cacahe wanda saben gatra utawa guru wilangan.
  4. Watake saben jinis tembang macapat.
  5. Pigunane saben jinis tembang macapat.

Paugerane kang gumathok ing tembang Pucung yaiku kaya ing ngisor iki.

Cacage gatra saben sapada ana papat. Guru lagu lan guru wilangan tembang pucung yaiku:

  1. Gatra 1 : 12u
  2. Gatra 2 : 6a
  3. Gatra 3 : 8i
  4. Gatra 4 : 12a

Watake tembang Pucung yaiku surasa sakepenake lan sembrana. Gunane tembang Pucung kanggo guyonan, vangkriman, lan nyenengake. Tembang Pucung uga minangka piranti kanggo menehi piwulang luhur kaya ing pupuh Pucung Serat Wedhatama.

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain