Tuladha Atur Pamitan lan Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

Tuladha Atur Pamitan Upacara Pasrah Lamaran lan Tuladha Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran


Kesempatan kali ini, Mimin UA, akan berbagi teks wacana tuladha atur pamitan upacara pasrah lamaran lan tuladha atur wangsulan pamitan upadara pasrah lamaran. Berikut ini teks lengkapnya.

Tuladha Atur Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh, ingkang panes pinundhi saha kinabekten, punapadene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Ngaturaken sewu agunging aksama dene kulo parikedah angrindhu, anggen panjenengan katemben wawan pangandikan, saperlu sumela atur ing ngarsanipun Bapa....... sekalihan (ingkang mengku gati) sumrambah para tamu sadaya.

Syukur Alhamdulillah, adicara pasrah lamaran sampun kalampahan kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala, inggih awit saking rahmating Gusti Ingkang Maha Mirah saha Maha Asih punapadene pangestunipun para tamu sadaya.

Kula ingkang piniji minangka talanging basa sulih sarira saking panjenenganipun Bapa....... sekalihan rehing adicara pasrah sarana miwah  upakarti pinangka jangkeping tata cara salaki rabi, samudayanipun sampun paripurna mboten kirang satunggal punapa mugi kalilanana kula sapangombyong kaparenga nyuwun pamit madal pasilan, daya-daya matur ing ngarsanipun Bapa....... sekalihan, bab purnaning sadaya ingkang dados sesanggeman kula. Ingkang punika, nyuwun tambahing puji pangestu, mugi-mugi lampah kula sarombongan tansah manggih rahayu wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.

Minangka puputing atur, hambok bilih anggen kula matur wonten tutur ingkang kalantur-lantur miwah kiranging subasita ingkang mboten hanuju prana, kula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Tuladha Atur Wangsulan Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Kawula nuwun, 

Kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bapa....... sarimbit garwa, kula piniji minangka talanging basa, saperlo caos wangsulan pamundhut palilah pamitipun kadang kula wakil saking badhe kadang besan sutresna.

Dhumateng panjenenganipun Bapa....... ingkang minangka sulih sarira saking panjenenganipun bahde kadang besan sutresna ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Kanthi suka bingahing manah panjenenganipun Bapa....... sekalihan, nampi kerawuhan panjenengan sarombongan, ingkang sapun kepareng angastreni lampahing adicara pasrah sarana miwah upakarti minangka jangkeping tatacara salaki rabi. Ingkang punika sepindhah malih ngaturaken sewu agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan. 

Dene panjenengan kepareng mundhut pamit, kulo mboten kadugi amambengi, namung saged ndherekaken sugeng kondur saha ngaturaken puji donga konjuk dhumateng Gusti, mugi-mugi jengkar panjenengan saing pawiwahan mriki dumugi ing ndalem, tansah manggih rahayu wilujeng sepen sambekalaning margi.

minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning boja krami anggen kula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sarombongan, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa hambok bilih anggen kula matur wonten kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata krami, kupat duduhe santen menawi lepat nyuwun pangapunten.

Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain