TEKS EKSPOSISI BAHASA JAWA; KESENIAN JAWA

Teks eksposisi minangka salah sijining wacan kang bisa njembarake kawruhe pamaca amarga andharan ing teks eksposisi iku gamblang lan blaka. Kanthi maca teks eksposisi kesenian Jawa, kita bisa mangerteni wujud lan asale kesenian Jawa kang akeh lan misuwur tekan njaba negara. Ing wulangan iki, kita kabeh sinau  teks eksposisi ngenani kesenian Jawa kanggo ngeling-eling jati diri awake dewe kang dilahirake ing tanah Jawa.

Maca Teks Eksposisi Basa Jawa

Wacan eksposisi yaiku salah sawijining wacan kang ngandharake pokok pikiran kanthi ancas njembarake wawasan utawa kawruh marang sing maca.

Ciri-ciri wacan eksposisi  yaiku kaya ing ngisor iki.

  1. Arupa wacan informasi.
  2. Ana gambar, grafik, lan tabel sing magepokan karo isi wacan.
  3. Wasananing wacan ana panjlentrehane.

Wacan eksposisi biyasane digunakake kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kagiyatan, metodhe, cara, lan dumadine sawijining kedadean utawa bab. Wacan eksposisi kaperang dadi telu, yaiku kaya ing ngisor iki.

  1. Wacan sing nuduhake proses.
  2. Wacan sing nuduhake tuladha.
  3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.

Ancase paragraF eksposisi yaiku maparake, njlentrehake, menehi informasi, lan nerangake salah sawijining bab supaya sing maca bisa nampa utawa nrima.

Ing ngisor iki bab kang kudu diinformasikake ing teks eksposisi.

  1. Data kang faktual
  2. Sawijining analisis utawa penapsiran obyektif marang saperangan fakta.
  3. Fakta ngenani pawongan kang nyekel kenceng marang sawijining keyakinan.

Ing teks eksposisi anggone ngandharake alat, kang mbudi daya mangsuli pitakonan kaya ta ing ngisor iki.

  1. Kepiye sawijining perkara kasebut dumadi?
  2. Obyek utawa bab iki kalebu tahap apa?

Sakliyane pitakonan-pitakonan kasebut, teks eksposisi uga kudu ngemot perangan-perangan ing ngisor iki.

  1. Njlentrehake panemu, gagasan, lan keyakinan.
  2. Mbutuhake fakta kang dikuwatake nganggu angka, peta, grafik, gambar, lan sapiturute.
  3. Mbutuhake analisis lan sintesis nalika ngoceki bahan lan fakta.
  4. Nggoleki sumber idhe saka pengalaman, pengamatan, sikep, lan keyakinan.

Struktur Lan Kaidah Penulisan Teks Eksposisi

Teks eksposisi yaiku wacan kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaca supaya pamaca antuk informasi kang genep bab sawijining obyek, sabanjure pangertene pamaca bisa mundak. Mula, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Penulisane bisa ditindakake lumantar sadhengah cara panjlentrehan, ing antarane panjlentrehan proses lan panjlentrehan ilustrasi. Sumbering wacan bisa saka asil pengamatan, paneliten, utawa pengalaman.

Struktur Teks Eksposisi yaiku:

  1. Awujud Panemu (Tesis) yaiku teks eksposisi lumrahe njlentrehake tema sing diwujudake kanti panemuni penulis.
  2. Argumentasi yaiku ana ing teks eksposisi penulis ora namung nulisake panemune, nanging uga dijangkepi karo buktu-bukti sing bisa nyengkuyung panemune kasebut. Bukti awujud data-data asil paneliten utawa pengamatan.
  3. Simpulan yaiku bagean sing negesake meneh panemu penulis ing babagan tartamtu sing dijelasake ana ingteks eksposisi kasebut.

Kaidah Penulisan Teks Eksposisi yaiku:

  1. Ana topik sing diudharake. Tegese, teks eksposisi iku nduweni sipat informative saengga kudu ada topik sing dijlentrehake supaya bisa nambahi kawruh marang pamacane.
  2. Ana fakta, tegese teks eksposisi iku lumrahe njlentrehake babagan sing nyata utawa fakta. Fakta-fakta kang ana ing teks eksposisi kanggo ngandharake informasi.
  3. Basa sing digunakake teks eksposisi yaiku basa sing informatif, menehi pangerten kanggo pamacane.

Nemtokake Pokok-Pokok Isine Teks Eksposisi

Pokok-pokok isi teks gegayutane karo babagan sing wigati jroning teks. Pokok-pokok isine teks eksposisi antarane siji lan sijine kuwi beda. Carane nemtokake pokok-pokok isi teks yaiku,

  1. Maca wacan kanthi permati.
  2. Nyemak siji mbaka siji saben paragrapf.
  3. Nemtokake ukara pokok ing saben paragraf.
  4. Nemtokake perangan ing ukara.

Wacanen tuladhane nemtokake pokok-pokok isine jroning paragraf eksposisi ing ngisor iki!

Wayang wong kuwi ora mung menehi tontonan sing bisa nglipur wong sing nonton, nanging uga menehi piwulang luhur kang bisa dijupuk dening pamiarsane. Piwulang luhur iku mesthine jumbuh karo crita wayang kang ditampilake. Ana ing sajroning pentas wayang wong, paraga-paraga sing maragakake wayang uga kudu bisa menehi tuladha watak sing becik sing bisa disinaoni dening para pamiarsane. Sajroning pentas wayang wong ngandhut pitutur luhur kanggo manungsa supaya bisa urip kanthi wicaksana lan nindakake prilaku sing becik ana ing padinan. Paraga sing nduweni watak becik diwujudake kanthi paraga sing nduweni watak satriya, kaya ta Gathutkaca, Arjuna, Nakula, Prabu Rama, lan Yudhistira. Paraga sing nduweni watak ala diwujudake buta, kaya ta Rahwana utawa Kurawa.

Pokok-pokok isi pragraf ing dhuwur yaiku wayang wong menehi piwulang luhur kanggo pamiarsane kanthi cara menehi tuladha watak becik sing diduweni paraga wayang wong.

Nulis Teks Eksposisi Babagan Kesenian Jawa

Carane nulis wacan eksposisi yaiku kaya ing ngisor iki.

  1. Nemtokake undheraning perkara (tema).
  2. Nemtokake tujuan.
  3. Ngumpulake data seka maneka sumber.
  4. Nyusun cengkorongan sing cocog karo undheran sing dipilih.
  5. Ngrembakakake cengkorongan dadi paragraf eksposisi.

Ing ngisor iki pathokane penulisan wacan eksposisi.

  1. Eksposisi namung ngupaya kanggo njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.
  2. Isi eksposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikep, lan panemu pamaca.
  3. Gaya eksposisi iku informative lan ngyakinake.
  4. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subyektif lan emosional.
  5. Ing eksposisi, fakta-fakta namung digunakake piranti konkretisasi, tegese gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pambuktiane).
  6. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake kawruh lan pangertene pawongan marang obyek kang dirembug.
  7. Penulis eksposisi kudu ngreti prastwa kang diandharake.
  8. Penulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.