PAMIT (Crita Basa Jawa)

….
Sampun kalih
dinten Raden Bei Asisten sumerep Rapingun keringat suntrut pasemonipun, badanipun
ketingal sajak lungkrah, nanging dereng purun pitaken sababipun. Sareng tigang
dintenipun, wanci jam sekawan sonten, Raden Ayu Asisten badhe nuweni Rapingun
dhateng kamaripun, awit wiwit Umar nedha siyang lajeng kemawon terus mapan
tiIem, boten kados adat saben, mila kakinten yen piyambakipun sakit.
Padatan yen
Rapingun sampun mlebet kamar, boten wonten ingkang purun mlebet. Yen perlu inggih
ndadak nggugah rumiyin saking jawi, utawi nothok kori, milo korinipun kamar
boten nate dipunkancing.
Kala punika Raden
Ayu Asisten Wedana tanpa sabawa, laieng ngengakaken konten, terus mlebet.
Nanging dumugi nglebet, kaget, sumerep Rapingun saweg linggih ing patileman,
mangku gunung: tanganipun kiwa nyanggi pilinganipun, mripatipun ketingal abrit,
saking wedaYmg tuh ingkang sampun radi dangu.
Sumerep Raden Ayu
Asisten Wedana mlebet, Rapingun gragapan, gugup anggenipun ngusapi mripat,
dipunsarengi gujeng damelan, ingkang raosipun cemplang. Mila Raden Ayu boten
nimbangi gumujeng, malah saya migatosaken dhateng Rapingun, amargi gujengipun
sampun boten saged ngaling-alingi manahipun.
Sareng sampun
sawetawis dangu, Raden Ayu Asisten pitaken dhateng Rapingun kanthi swanten
melas asih, “Ana apa, Rap, dene kowe ketaman susah sing semono? Ambok iya
kandha apa sing andadekake ribeding atimu, sabisa-bisa aku bakai nulungi.”
“Boten
menapa-menapa, Ndara.”
“Ayo mrene, aku
pancen diutus ndaramu didhawuhi niliki kowe, amarga wis telung dina iki kowe
katon beda karo adat saben. Lah saiki wis terang, ayo, Rap.”
“inggih, Ndara.” .
Raden Ayu Asisten
|ajeng medal saking kamar, terus dhateng gadri wingking. Raden Bei Asisten
lenggah ing ngriku kaliyan ngunjuk wedang. Sareng Raden Ayu Asisten ketingai lajeng
pitaken, “Priye Bu?”
“Bocahe mau lagi
nangis ana paturon, bareng aku teka, srikutan olehe ngusapi luhe, banjur ethok-ethok
ngguyu, nanging rasane ya cemplang.”
“Wis genah yen
lagi susah, apa ora kodhawuhi mrene!”
“La kae bocahe
lagi mrene.”
“Kene, Rap, lungguha
kene!”
“Inggih, Ndara.” '
“Yem!” Raden Ayu
Asisten nimbali rencang estri, ingkang ugi lajeng sowan, ndhodhok wonten
ngajengipun ngentosi dhawuh.
“Kae wedange Rap
gawanen mrene bae, ora usah didokok ana kamare.”
“inggih, Ndara.”
Let sekedhap
rencang estri mbekta baki isi gelas ageng mawi lambaran lan tutup, ingkang
sampun wonten wedangipun soklat melek kados adat saben. Rencang estri ndhodhok
wonten ngajengipun Rapingun, baki kaulungaken, gelas kapendhet. Raden Ayu
Asisten lajeng mundhut dhaharan ingkang saweg kaadhep,| kawadhahan piring alit
kasukakaken Rapingun.
Pasemonipun
Rapingun ketingal padhang kados adat saben, nanging seraking swanten ngetawisi
bilih gorokanipun mentas kangge ngampet wedaling tangis. Abriting mripat sampun
boten saged goroh malih, yen mentas ngedalaken luh.
Raden Bei Asisten
lajeng pitaken kanthi sareh sarta mratelakaken welasipun, “Rap, kowe iku gawemu
melu ngrasakake kabungahan lan kasusahanku. Murih adile aku iya kudu mengkono,
iya kudu melu ngrasakakake kabungahan lan kasusahanmu. Mulane aku kepengin
banget weruh sing dadi ewuh pakewuhing atimu. Kepengin banget madhangake atimu.
Saiki kandha, apa kekuranganmu, bakal tak cukupi sabisaku.”
“O, Ndara, kula
tadhah deduka, boten pisan-pisan rumaos kekirangan menapa-menapa sadangunipun
kula suwita wonten ngarsa panjenengan. Malah kosok wangsulipun, rumaos kawratan
tampi lubering sih kadarman panjenengan sakaliyan makaten ugi saking Ndara
Ajeng Tien.”
“O, Rap, bab kuwi
tumrap aku isih akeh banget kuciwane, dene saben-saben aku nari kowe, apa kabutuhanmu,
tansah kotampik. Upama tak peksa bae, sumelang yen andadekake ora kepenaking atimu,
amarga kowe duwe cacad sing gedhe, yaiku ora gampang diganjar.”
"Bab menika
Ndara Den Ayu ingkang sampun nguningani terang, sawanci-wanci, manawi kula
betah menapa-menapa, boten ajrih nyuwun.”
Raden Ayu Asisten
nyambeti, “Ya bener kandhamu, nanging sing 'kosuwun' iku barang sing
sepelesepele.”
“Barang ingkang
sepele kados dhawuh panjenengan menika, tumrap kula perlu sanget.”
Raden Ayu Asisten
nglajengaken pitakenipun “Rap, aku kepengin koprasajani apa kang krasa
sajroning atimu ing wektu iki?”
"Nuwun,
Ndara, rehing kula sampun boten saged umpetan malih, mila kaparenga ngaturaken
saraosing manah kula wonten ngarsa panjenengan sakaliyan.”
“Iya mara kandha,
ora usah nganggo ewuh pakewuh.”
“Nuwun. Ndara,
saestunipun sampun sawetawis dinten menika kula tansah kengetan dhateng tiyang
sepuh kula. Sampun meh sadasa wulan menika kula boten tuwi, mangka anakipun
namung setunggai thil kula piyambak.”
“Dadi kowe kuwi
ontang-anting kaya Tien?”
“Inggih, Ndara.”
“Saiki lega
rasaning atiku, yen mung bab kangen bae rak prakara sepele. Biyen kowe kandha
yen aslimu Pacitan, apa wong tuwamu iya isih ana kana?”
“Taksih, Ndara” “Yen
ngono, lah ya tilika, nanging iya aja suwe-suwe ana kana.”
"Inggih,
namung sawulan.”
“Kok nganti suwe.”
“Inggih, Ndara
tiyan kejawi tiyang sepuh, sanak sedherek kula kathah."
“Kejabane kuwi
sapa maneh?”
“Boten wonten.”
“Andak ora butuh
niliki pasanganmu?”
“Boten, Ndara,
kula dereng gadhah manah momong bojo.”
Raden Bei Asusten
nyambeti, "Ora, Rap, yen wes duwe pasangan, enggal dadekna bae, nanging
iya digawa mrene pisan, aku malah bungah.”
“Boten, dereng
saestu.”
“Yen durung, prayoga
enggal miling-milinga, yen wes ketemu sing cocog, aku dhewe sing bakal ndhodhog
lawange.”
“lnggih, sewu
sembah nuwun, Ndara, nanging samangke dereng.”
“Dhuwitmu rak wis
akeh, Rap, nanging sapira kurange bakal tak cukupi.”
Raden Ayu Asisten
nyambeti, “Dhuwitmu sing ana aku karo belah, banjur blanja patang sasi sangang
puluh, dadi rongatus patang puluh.”
“Kok kathah
sanget, Ndara, blanja kula."
“Malah pancene
durung memper aku mblanja menyang kowe semono kuwi, mulane yen kowe duwe
kabutuhan sing perlu, aku bakal nyukupi. Saiki rehne kowe arep tilik wong tuwa,
dhuwitmu gawanen, nggonen sangu, yen rumangsa isih kurang tak wuwuhi.”
“Kula namung badhe
nyuwun sangu kalih dasa kemawon.”
“Lah kok sethithik
temen.”
“Inggih, tiyang
namung perlu kangge wragad lampah.”
“Mesthine rak iya
nganggo tuku oleh-oleh, kanggo mbebungah wong tuwa sanak sedulur, ngono.”
“Bab menika boten
perlu, Ndara, amargi tiyang sepuh kula boten bingah yen kula angsal-angsali,,
kamanah andadosaken ribed kula, satemah kula ajeng boten asring tuwi.”
Raden Bei Asisten
nyambeti, “Becike sethithik-sethithoke Iya seket.”
“Boten, Ndara,
gampil ing wingking manawi kirang, kula nyuwun sarana serat.”
“Malah yen perlu,
becike telgram bae ngirimake iya sarana telegram.”
“Makaten inggih
prayogi.”
“Mangkatmu koarah
kapan?”
“Manawi kepareng
benjing enjing.”
“Kok kesusu?”
“Inggih, amargi
manah kula sampun boten kenging dipunsemadosi.”
“Prayogane sesuk
tata-tata dhisik, karo menyanga Parakan, pamitan Tien, lan maneh kandhanana,
yen besuk Setu ora dipethuk kon bali, kon nyewa taksi bae.”
“lnggih.”
“Lan maneh Hel
tunggangana dhisik, sesuk arep takenggo pepriksa.”
“lnggih sendika. Kejawi
saking karsa panjenengan, kula nyuwun pun Hel kapindhaha nama Tawang kemawon.”
“Tawang………? Iya,
aku mathuk banget.”
Raden Ayu Asisten
lajeng mlebet ing kamar, boten dangu medal nyepeng buntelan dipuntampekaken
dhateng Rapingun.
“lki, Rap jarik
rong sawit parang rusak karo rujaksenthe, bathikanku sing dibabarake dhek anu
kae. enggonen telesan.”
“Kok kathah
sanget, Ndara, ngantos kalih sawit?”
“Ya ben, wis kana
gawanen.”
Rapingun lajeng
wangsul dhateng kamaripun kaliyan ambekta sinjang kalih sawit. Dene Raden Bei
Asisten sakaliyan medal dhateng plataran ngajeng, terus lenggahan wonten ing
patamanan. Saweg kemawon lenggah, keleresan wonten tamu priyantun jaler estri
sawetawis. Rehning ing patamanan ngriku asri sanget, dhasar ayom tur wekdal
punika langitipun ketingal padhang sumilak, para tamu sami gadhah panedha
lenggahan ing patamanan kemawon. Raden Bei Asisten sakaliyan nayogyani.
Adat saben yen
wonten tamu, ingkang ngladosi Rabingun kaliyan Kreta. Sarehning wekdal samanten
Rapingun badhe mbigaraken Tawang, dados kepeksa pun Kreta piyambak.
Boten dangu
Rapingun medal saking ngiringan griya sampun numpak pun Tawang. Tawang ketingal
gambira, dhasar sampun dangu boten dipuntumpaki, lan malih kados-kados ngestokaken
sihipun dhateng Rapingun ingkang badhe kesah.
Kala semanten
pacakanipun Rapingun radi ngayang batin. Rasukanipun beskap lurik ing wingking
nincing kepara kathah, ngantos sabukipun cindhe ijem ingkang katumpangan apek
biudru sinuiam benang sutra ketingal radi wiyar.
Pethikan novel iki kapethik saka: Ngulandara
Post a Comment