Pambagyaharja Panampi Panganten (Materi)


Pambagyaharja Pasrah Panampi Panganten

Miturut saka asalae tembung, pambagyaharja kedaden saka rong tembung, yaiku ‘pambagya’ ateges pambage, anggone mbagekake, aweh pakurmatan lan tembung ‘raharja’ ateges urmat utawa ngurmati. Dadi, pambagyaharja ateges ngaturi pakurmatan, mbagekake para among tamu kang rawuh ing sasana pawiwahan. Pambagyaharja uga ana sing ngarani sesorah  utawane tanggap wacana utawane meneh sambutan ing sawijining adicara tartamtu kanthi ancas mapah rawuhe para tamu. Tuladha pambagyaharja yaiku sesorah ketua panitra, sesorah pamangku gati, sesorah saka pemimpin utawa kepala sekolah nalika kawaruhan tamu, lan sapiturute.

Pambagyaharja ing adicara panganten kapancak ing adicara sawise panganten kakalih nindakake sungkeman dening wong tuwa panganten sarimbit, lumrahe diwakili dening wong liya kang wis katunjuk dening pamengku gati utawa wongtuwa pamnganten sakloron.

Micara Bedane Pambagyaharja lan Tanggap Wacana

Pambagyaharja lan tanggap wacana iku padha-padha ngendika ing sangarepe wong akeh lan kaloron kalebu jinising sesorah, nanging nalika disinaoni kanthi tlesik lan njlimet nyatane surasa saka pambagyaharja lan tanggap wacana iku nduweni pambeda ing ancase. Pambagyaharja kuwi surasane ngurmati tamu lan lumrahe kagunakake kanggo mapag rawuhe para tamu, dene tanggap wacana iku sesorah kang ana wangsulane utawa ana tanggapan saka pihak siji lan sijine.

Tuladha tanggap wacana bisa katemokake nalika perpisahan kelas XII. Ing adicara perpisahan pihak sekolah masrahake maneh siswa/siswi marang pihak kaluwarga, banjur saka pihak perwakilan wongtuwa/ wali murid menehi wangsulan arupa sesorah kang surasane nampa putra lan putrine maneh lan ngucapake matur nuwun kanggo pihak sekolah. Sakliyane kuwi, tanggap wacana uga bisa katemokake nalika ana adicara pasrah panampi panganten ing adat panganten Jawa.

Nalika ngurutake tanggap wacana, sikep lan solah bawa kudu trapsila, uga kanthi basa kang endah, apik, utawa leres supaya gampang dirungokake lan dimangerteni dening wong liya. Kajaba kuwi, kudu nggatekake rantaman utawane perangane tanggap wacana.

Bab-bab kang kudu digatekake nalika nindakake tanggap wacana utawane pidhato antarane kaya ing ngisor iki.

Sikep sarira utawa pasuryan kang kudu katindakake kaya ing ngisor iki.

  1. Ngadeg kanthi sigrak, jejeg, sikep suku megar metawis karo jobin.
  2. Ngadeg kanthi kapitadosan dhiri/percaya dhiri.
  3. Tangan ngapurancang, sarira rada ndegeg, janggut katarik nanging aja katon kaku.
  4. Polatan sumeh, nanging ora katon digawe-gawe.
  5. Nyawang marang para pamiarsa kanthi trapsila.

Swara kang kudu digatekake kaya ing ngisor iki.

  1. Swarane kudu los lan iramane mantep.
  2. Irama swarane kudu trep karo kahanane.
  3. Rancake pamicara kudu trep karo tandha-tandhane antawacana.

Perangan/rantaman tanggap wacana

  1. Salam pambuka
  2. Purwakaning atur, kabage saka: Atur pakurmatan, Atur pamuji syukur,  Atur panuwun
  3. Surasa/isi/wigatosing atur
  4. Dudutan/kesimpulan
  5. Pangajab/pangarep-arep
  6. Wasana/panutup
  7. Salam panutup