Teks Dheskripsi Panganan Tradisional
Ing Jawa Tengah akeh banget kabudayan kang adiluhung, uga akeh
panganan tradisional kang misuwur jinis lan rasane. Panganan tradisional ing
Jawa Tengah nduweni titikan kang mligi, yaiku nduweni rasa kang gurih lan legi.
Maca Teks Dheskripsi ngenani Panganan Tradisional
Panganan tradhisional yaiku panganan utawa jajanan kang kha sing
dhaerah taetamtu. Panganan tradisional akeh banget jinise, ana lemet, lemper,
lapis, klepon, cenil, mendut, lan liya-liyane. Panganan tradhisional kaya
mangkono ing jaman saiki angel ditemokake amarga jaman saiki wis akeh panganan
kang luwih modheren.
Saben dhaerah ing Jawa Tengah nduweni panganan kang khas,
tuladhane Banjarnegara, dhawet ayu lan bunthil; Blora, sega pecel, sate pitik
Blora, sate jagal, sate wedhus, soto pitik Blora, tahu campur, lontong tahu,
oseng-oseng ungker, oseng tahu lan tempe, lan grontol jagung; Boyolali, brem
lan susu sapi; Cilacap, krupuk tengiri; Wonogiri, thiwul, geplek; Pati, sega
gandhul; Wonosobo, mi ongklok, tempe kemul, lan sapiturute.
Mula, bocah enom ing jaman saiki kudu bisa nglestarekake
panganan-panganan tradisional ing Jawa. Supaya ora lali, coba gatekna
dheskripsi panganan tradisional ing ngisor iki!
JENANG GRENDUL
Jenang grendul iku wernane soklat. Wujude jenang grendul kaya bubur la nana glindhingane sing digawe saka glepung ketang. Glindhingan glepung mau diarane grendul dienggo isen-isen jenang. Rasane jenang grendul legi amarga diwenehi gula jawa. Dene rasane grendul iki kenyil-kenyil. Biasane yen mangan jenang grendul diwenehi santen saengga bisa nambah gurih rasane.
KLEPON

Klepon
yaiku panganan sing misuwur ing tanah Jawa. Bahan kang digunakake yaiku saka
glepung beras ketan lan diisi gula jawa. Klepon lumrahe mung ana rong werna
yaiku ijo lan putih. Klepon werna ijo perlu ditambahi pewarna alami saka
godhong suji utawa godhong pandhan. Klepon iku wujude bunder lan anggone wur
klapa kang diparut. Klepon uga kalebu jajanan pasar.
Ing
Sumatra lan Malaysia, klepon diarane “ondhe-ondhe”, deneng jeneng ing tanah
Jawa lan tlatah liya ing Indonesia arupa panganan kang beda, yaiku panganan
kang wujude bunder kang digawe saka glepung beras lan diiseni adonan kacang ijo
lan kulite diwuwuri wijen. Klepon biyasa didol bebarengankaro gethuk lan cenil
(uga anak kang ngarani cethil) minangka jajanan ing wayah esuk utawa sore.
Carane
nggawe klepon yaiku kaya ing ngisor iki.
- Gula pasir dicampur banyu godhong suji, uyah, mentega, lan glepung beras ketan.
- Adonan dicampur nganti kalis.
- Adonan digawe bunder-bunder, digepengake, diiseni gula jawa, lan dibentuk bunder meneh.
- Sawise rampung digawe bunder-bunder, banjur digodhog nganggo banyu kang wis umob nganti adonan iku mumbul mendhuwur.
- Menawa wis mumbul, banjur dientas.
- Carane nyajekake yaiku adonan kang wis mateng diwadhahi lan ditata ing pring, banjur diwenehi parutan klapa.
- Klepon wis siyap dimaem.
SEGA LIWET
Sega liwet iku salah sawijining panganan tradisional saka kutha
Solo. Bahan dhasare saka beras kang dimangsak migunakake santen lan duduh
godhogan iwak pitik saengga rasane gurih. Sega liwet lawuhe ana sambel goreng
jepan, endhog pindhang, daginng iwak pitik kang disuwir-suwir, lan kumut
(santen kang dikenthelake). Saliyane kuwi kanggo ngganepi sega liwet kerep
ditambahi sate usus, rempela ati, lan tahu utawa tempe bacem. Biyasane sega
liwet marang bakule didol kanthi car acara dipincuk nganggo godhong gedhang.
THIWUL

Wektu iki thiwul kondhang
minangka jajan pasar. Panganan iki gampang ditemokake ing papan tartamtu.
Menawa diturut saka sujarahe, thiwul iku mula bukane minangka panganan pokok
masarakat jaman biyen nalika penjajahan jepang udakara ing taun 1960-an. Thiwul
digawe saka pohung didadekake panganan pokok kanggo ngganti beras nalika regane
larang lan ora bisa ketuku. Ing jaman biyen, thiwul dipangan kaya dene sega,
kanthi lawuh lan sayur.
Thiwul digawe saka pohung kang dipe nganti garing, utawa diarani geplek. Geplek banjur didheplok nganti alus, banjur didang nganti mateng. Asil dang-dangan iki kang diarani thiwul. Yen dipangan minangka panganan pokok, thiwul bisa dipangan nganggo lawuh jangan Lombok ijo, tempe gembus goreng, lan sambel. Sega thiwul kang kadhar gulane ora dhuwur bisa kanggo pilihan panganan pokoke wong kang nduweni lara diabetes. Thiwul uga dipercaya nyegah lara magh.
APEM
Apem iku kalebu panganan tradhisional saka Jawa Tengah. Rasane legi, nanging uga ana kecut-kecute sethitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki, panganan tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liya sing kasebar ing ngendi papan, kaya dene apem saiki wes angen ditemokake. Biyasane apem dido ling pasar tradisional. Saliyane rasane legi lan kecul, wujude apem uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka enom tekan tuwa.
Apem digawe saka glepung beras lan tape tela utawa kang diarani kenyo. Gunane tape tela utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja lali diwenehi gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasa legi lan enak. Saliyane iku, ubarampe kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Ubarampe kabeh mau diuleni nganti rata. Sawise kuwi dicithak.
Sawise mateng lan ngembang, biyasane apen disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liyane, nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.
GADNHOS
Kebumen iku salah
sawijining dhaerah kang nduweni panganan tradisional werna-werna jinis lan enak
rasane. Ana sing saka tela, beras, ketan lan liya-liyane. Cara mangsake uga
werna-werna, ana sing digoreng, digodhog, dipepe, didang lan liya-liyane.
Panaganan tradisional ing Kebumen iku akeh banget, ana gandhos, lapis,
sengkulun, lemper, combro, golak, arem-arem, wehku, galundeng, onde-onde, cucur
lan liya-liyane.
Jaman saiki panganan-panganan
tradhisional kaya mangkono wis angel ditemokake, malah bocah-bocah jaman saiki
ana sing ora ngerti wujud uga rasane. Jaman saiki wis akeh panganan-panganan
instan utawa cepat saji. Warung-warung saiki uga akeh sing dodol panganan cepat
saji tinimbang panganan tradhisional. Panganan tradhisional iku bisa
ditemtokake ana ing desa-desa, biyasane uga ana ing acara adat dhaerah.
Salah sawijining panganan
tradhisional sing ana ing dhaerah Kebumen yaiku gandhos. Gandhos iku kalebu
panganan sing cara mangsake kanthi digoreng. Gandhos nduweni rasa sing khas
amarga digawe saka campuran glepung beras lan parutan klapa. Gandhos saiki wis
arang didol ana ing warung-warung utawa pasar, nanging biyasane digawe ana omah
kanggo panganan cilik. Nanging saiki wis arang omah kang gawe gandhos kanggo
panganan cilik.
Ubarampe kang dibutuhake
kanggo gawe gandhos yaiku glepung beras, parutan klapa, lan wedang panas
sacukupe. Cara gawene gampang, pisanan glepung beras lan wedang panas sacukupe
dicampur, banjur diwenehi parutan klapa lan uyah, diuleni meneh nganti rata.
Menawa adonan wis rata, adonan dibentuk miturut kekaremane dhewe-dhewe banjur
digoreng. Yen wernane wis rada soklat, banjur dientas. Wujude yaiku mblondo
gepeng.
Biyasane gandhos kuwi dimaem nalika isih anget amarga gandhos yen isih anget iku rasane enak. Jarene wong jaman biyen, maem gandhos sing isih anget karo adem rasane beda.
LEMPER
Lemper yaiku panganan kang digawe saka ketan putih kang diisi abon
utawa daging pitik sing diiris cilik-cilik. Banjur diwungkus nganggo godhong
gedhang. Panganan iki wujude meh padha karo lonthong, nanging nduweni sing
luwih cilik.
Jinising panganan iki wis misuwur ing Indonesia. Kejaba rasane
sing enak, lemper bisa kanggo ngganjel weteng sawetara wektu amarga bisa
maregi. Panganan iki biyasa dimasak kanti cara didang.
Ubarampe sing dibutuhake yaiku:
- 1 liter beras ketan
- 350 ml santen
- Uyah sacukupe
- Selembar godhong pandan
- Abon sapi sacukupe
- Godhong gedhang kanggo mbungkus sacukupe
Carane gawe lemper, yaiku beras ketan dikum kurang luwih telung jam. Klapa diparut didadekake rong gelas santen kenthel, banjur beras ketan digodhog nganti ssetengah mateng lan dikaru karo santen lan godhong pandan, banjur didang meneh nganti mateng. Sawise ketan mateng, dijupuk manut ukara sing dibutuhake, banjur diiseni abon, dibentuk bunder lonjong, banjur dibunteli nganggo godhong gedhang enom lan didang nganti mateng.
Pangertene lan Struktur Wacan Dheskripsi
Wacan dheskripsi iku karangan kang nggambarake
kahanan supaya pamaca kaya-kaya nyawang, ngrungokake, ngrasakake, utawa ngalami
dhewe apa sing digambarake.
Struktur teks dheskripsi yaiku kaya ing ngisor
iki.
1. Pembuka (irah-irahan dan pembuka)
2. Isi
3. Penutup
Nemtokake Nilai-Nilai kang Kinandhut ing Wacan
Nilai-nilai sing kakandhut ing wacan ngenani
panganan tradhisional Jawa Tengah kaya ta nilai pendhidhikan lan ekonomi. Nilai
pendhidhikan iku ana ing babagan carane gawe pangana lan mangerteni
jeneng-jeneng panganan tradhisional. Nilai ekonomi iku bisa dituduhake menawa
panganan kasebut diwungkus kanthi becik, bisa dadi barang kang ngasilake
dhuwit.
Nilai-nilai kang kakandut ing wacan dheskripsi
bisa dituladhani saengga bisa kanggo piwulang tumrap generasi mudha lan
masyarakat ing kahanan saiki.
Nyeritakake lan Nanggapi Wacan Dheskripsi
Nanggapi wacan dheskripsi tegese menehi tanggapan marang garapane kancamu. Tuladha menehi tanggapan yaiku kaya ta: Miturut panemuku, isine crita dheskripsi panganan tradhisional ngenani sega liwet iku apik lan unik. Sesambungane antarane isi lan materi uga wis trep. Pamacane cetha lan intonasine wis trep. Swarane cetha lan banter.
Post a Comment