Serat Wedhatama Pupuh Sinom
Serat Wedhatama Pupuh Sinom
Serat Wedhatama iku kalebu karya sastra Jawa gagrag anyar kang
ngemot filsafat Jawa, mligine bab kawruh manunggaling kawula Gusti, saengga
piwulang ing Serat Wedhatama babagan budi pakarti utawa tumindak utama. Serat
Wedhatama diserat dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A) Sri
Mangkunegara IV.
Serat Wedhatama ngemot tembang macapat kang cacahe ana limang
pupuh, yaiku pupuh Pangkur (14 pada), Sinom (18 pada), Pucung (15 pada), Gambuh
(35 pada), lan Kinanthi (18 pada).
Piwulang kang kinandut ing Serat Wedhatama yaiku:
- Serat Wedhatama aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep lurus (wus sengsem reh ngasamun); asipat aweh pangapura lan sabar. Saajroning sepi, ati kang wengis bisa sirna amarga tresna asih.
- Serat Wedhatama nenganake kadiwasaning akal, pikiran, rasionalitas utawa intelektualitas. Bab iku kawujud ing pamawase manungsa, dene ngilmu iku kudu lumaku kanti nalar (logis) lan iku kabeh bisa digayuh kanthi tapa prihatin.
- Babagan karakter lan tumindak kang becik. Serat Wedhatama menehi yuladha kaya dene Panembahan Senapati. Piambake tumemen anggone nahan hawa nepsu kang dilakoni kanthi tapa.
- Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha lan kapinteran.
- Serat Wedhatama ngajarake telung perkara kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar nalika antuk pacoban lan narima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti.
- Serat Wedhatama ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan, nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan, pengen dianggep pinter senajan bodho, lan tansah duwe pamrih.
- Mangungsa kang luhur bebudene seneng mapan ing papan sepi, reresik jiwa, nanging tansah nglakoni kewajibane, asipat ruruh, lan gawe seneng atine liyan.
Serat Wedhatama Pupuh Sinom
Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit,
weni, logodhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih
kecut. Pupuh Sinom mingangka anggitane Sunan Giri, cocog kanggo pabuka crita,
nanging ugo kudu nulad papan panggonan.
Paugeran ing tembang mocopat
kaperang saka guru gatra, guru lagu, guru wilangan. Guru gatra yaiku
cacahe larik utawa gatra saben pada (bait). Guru Wilangan yaiku
cacahe wanda (suku kata) saben gatra. Guru lagu yaiu
tibane swara wanda pungkasan ng saben gatra.
Tembang Sinom duweni paugeran kaya ing ngisor iki.
- Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
- Guru Lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
- Guru Gatra : 9
Watake tembang Sinom iku Prasaja, sabar,
grapyak lan sumanak. Cocog kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan
pitutur.
Pupuh Sinom menehi piwulang kanggo nggayuh ngelmu kasampurnan,
wong Jawa supaya nuladha tindak-tanduk utama Raja Mataram, Panembahan Senapati,
yaiku kanthi cara:
- Nyuda hawa nepsu kanthi prihatin (tapa)
- Rina weng tansah makarya kanthi gawe ati tentrem lan menehi rasa asih kanggo sesama,
- Saben ana kalodhangan wektu kanggo laku prihatin supaya bisa manunggal karo gusti,
- Tansah jaga ati supaya gelem laku prihatin (gelem ngedohi hawa nepsu kanthi pasa lan tangi wengi kanggo ngibadah)
- Nduweni pangangen-angen supaya bisa usada kanthi tekun, ngendhalekake akal pikiran lan budi serta gelem prihatin kanggo nampa anugerah saka Gusti.
Gancaran Serat Wedhatama Pupuh Sinom
Nggancarake tembang tgese ngowahi ukara utawa nambahi ukara ing
njero tembang supaya luwih gampang dimangerteni isine. Carane nggancarake
tembang yaiku:
- Nambahi tembung supara luwih gampang dimangerteni.
- Ukara kang nganggo basa Kawi utawa Jawa Kuna kudu dijarwakake.
- Tembung sandhi utawa garba kudu diudhari.
- Ukara kang kaiket nganggo paugran baliswara kudu diudhari.
- Menawa perlu, uga bisa ngilangi utawa nambahi ater-ater, seselan, lan panambang.
Nemtokake Pitutur Luhur ing Serat Wedhatama Pupuh Sinom.
Serat Wedhatama pupuh Sinom ngajarake telung perkara kang dadi
cagaking panguripan yaiku lila yen kelangan, sabar naliku antuk pacoban, lan
nrima ing pandum sumarah mring Gusti.
Serat Wedhatama pupuh Sinom ngajarake supaya ngedohi sipat angkara
murka, yaiku nesu kang tanpa alesan, nutupi kaluputane dhewe, milara mring
liyan, pengin dianggep pinter senajan bodho, lan tansah nduwe pamrih.
Tuladha:Nuladha laku utama,Tumrape wong tanah Jawi,Wong agung ing Ngeksiganda,Panembahan SenapatiKepati Amarsudi,Sudanen hawa lan nepsu,Pinesu tapa brata,Tanapi ing siyang ratri,Amemangun karyaenak tyasing asmara.
Piwulang Luhur : Laku utama iku minangka dhasaring budi pakarti luhur ing masyarakat. Bisa dipersudi kanthi nyuda hawa nepsu lan laku prihatin (nindakake sarengat agama)
Post a Comment