KESENIAN JAWA

(Menelaah Teks Eksposisi tentang Seni Pertunjukan Jawa)
Sumber : infobudaya

Teks eksposisi minangka salah sijining wacan kang bisa njembarake kawruh pamaca amarga andharan ing teks eksposisi iku gambling lan blaka. Kanthi maca teks eksposisi kesenian Jawa, kita bisa mangerteni wujud lan asale kesenian Jawa kang akeh lan misuwur tekan njaban negara. Ing wulangan, iki kita kabeh arep sinau teks ekspoisisi ngenani kesenian Jawa.

Maca Teks Eksposisi Bahasa Jawa

Wacan eksposisi yaiku salah sawijining wacan kang ngandharake pokok pikiran kanthi ancas njembarake wawasan utawa kawruh marang sing maca. Ciri-ciri wacan eksposisi yaiku kaya ing ngisor iki.

    1. Arupa wacana informasi.
    2. Ana gambar, grafik, lan table sing magepokan karo isi wacan.
    3. Wasaning wacan ana panjlentrehane.

Wacan eksposisi biasane digunakake kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kagiyatan, metodhe, cara, lan dumadine sawijining kedaden utawa bab. Wacan eksposisi kaperang dadi telu, yaiku kaya ing ngisor iki.

    1. Wacan sing nuduhake proses.
    2. Wacan sing nuduhake tuladha.
    3. Wacan sing nuduhake sebab-akibat. 

Ancase paragraph eksposisi yaiku maparake, njlentrehake, menehi informasi, lan nerangake salah sawijining bab supaya sing maca bisa nampa utawa nrima. Neng ngisor iki bab kang kudu diinformasikake ing teks eksposisi.

    1. Data kang faktual.
    2. Sawijining analisis utawa penafsiran obyektif marang saperangan fakta.
    3. Fakta ngenani pawongan kang nyekel kenceng marang sawijining keyakinan.

Ing teks eksposisi anggone ngandharake sawijining prekara kanthi migunakake panjlentrehan proses utawa ngoperasekake sawijining alat, kang mbudi daya mangsuli pitakonan kaya ta ing ngisor iki.

    1. Kepiye sawijining prekara kasebut dumadi?
    2. Obyek utawa bab iki kalebu tahap apa? 

Saliyane pitakonan-pitakonan kasebut, teks eksposisi uga kudu ngemot perangan-perangan ing ngisor iki.

    1. Njlentrehake panemu, gagasan, lan keyakinan.
    2. Mbutuhake fakta kang dikuwatake nganggo angka, peta, grafik, gambar, lan sapiturute.
    3. Mbutuhake analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan lan fakta.
    4. Nggoleki sumber idhe saka pengalaman, pengamatan, sikep, lan keyakinan.

Mangerteni Struktur lan Kaidah Penulisan Teks Eksposisi

Teks eksposisi yaiku wacan kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaca antuk informasi kang ganep bab sawijining obyek, sabanjure pangertene pamaca bisa mundhak. Mula, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayoga (saran), utawa ngadharake sawijining bab. Penulisane bisa ditindakake lumantar sadhengah cara penjlentrehan, ing antarane penjlentrehan proses lan penjlentrehan ilustrasi. Sumbering wacan bisa saka asli pengamatan, panelitian, utawa pengalaman.

Struktur teks eksposisi yaiku:

    1. Awujud Panemu (Tesis). Teks eksposisi lumrahe njlentrehake tema sing diwujudake kanthi penemune penulis.
    2. Argumentasi, ana ing teks eksposisi ora naming nulise panemune, nanging uga dijangkepi karo bukti-bukti sing bisa nyengkuyung panemune kasebut. Bukti awujud data-data asli paneliten utawa pengamatan.
    3. Simpulan yaiku perangan simpulan iku babahan sing negesake maneh panemune penulis ing babagan tartamtu sing dijelasake ana ing teks eksposisi kasebut.

Dene kaidah penulisane teks eksposisi yaiku:

    1. Ana topik sing diudharake. Tegese teks eksposisi iku nduweni sifat informatif saengga kudu ana topik sing dijlentrehake bisa nambahi kawruh marang pamacane.
    2. Ana fakta. Tegese teks eksposisi lumrahe njlentrehake babagan sing nyata utawa fakta. Fakta-fakta ana ing teks eksposisi kanggo ngandharake informasi.
    3. Basa tegese basa sing digunakake teks eksposisi yaiku basa sing informatif, menehi pangerten kanggo pemacane.

Nemotake Pokok-Pokok Isine Teks Eksposisi

Pokok-pokok ing teks gegayutan karo babagan sing wigati jroring teks. Pokok-pokok isine teks eksposisi antara siji lan sijine kuwi beda. Carane nemtokake pokok-pokok isi teks yaiku:

    1. Maca wacan kanthi permati.
    2. Nyemak siji mbaka siji saben paragraph.
    3. Nemtokake ukara pokok ing saben paragraf.
    4. Nemtokake perangan inti ing ukara.

Wacanen tuladhane nemtokake pokok-pokok isine jroning paragraf eksposisi ing ngisor iki!

Wayang wong kuwi ora mung menehi tontonan sing bisa nglipur wong sing nonton, nanging  uga menehi piwulang luhur kang bisa dijupuk dening pemirsane. Piwulang luhur iki mesthine jumbuh karo crita wayang kang ditampilake. Ana ing sajroning pentas wayang wong, paraga-paraga sing maragakake wayang uga bisa menehi tuladha watak becik sing bisa disinaoni dening para pemirsane. Sajroning pentas awayang wong ngandut pitutur luhur kanggo manungsa supaya bisa urip kanthi wicaksana lan nindakake prilaku sing becik ing pandinan. Paraga sing nduweni watak becik diwujudake kanthi paraga sing nduweni watak satriya, kaya ta Gathutkaca, Arjuna, Nakula, Prabu Rama, lan Yudhistira. Paraga sing duweni watak ala diwujudake buta, kaya ta Rahwana utawa Kurawa.

Pokok-pokok isi paragraf ing dhuwur yaiku:

Wayang wong menehi piwulanh luhur kanggo pemirsane kanti cara menehi tuladha becik sing diduweni paraga wayang wong.

 

Nulis Teks Eksposisi babagan Kesenian Jawa

Carane nulis wacan eksposisi yaiku kaya ing ngisor iki.

    1. Nemtokake undhering perkara (tema)
    2. Nemtokake tujuan.
    3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
    4. Nyusun cengkorongan sing cocok karo undheran sing dipilih.
    5. Ngrembakakake cengkorongan dadi paragraf eksposisi. 

Ing ngisor iki pathokan panulisane wacan eksposisi.

    1. Eksposisi namung ngupaya kanggo njelntrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.
    2. Isi eksposisi ora due karep ngundang reaksi, ndayani sikep, lan panemune pamaca.
    3. Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake.
    4. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subyektif lan emosional.
    5. Ing eksposisi, dakta-fakta naming digunakake dadi piranti konkretisasi, tegese gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pambuktiane).
    6. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake kawruh lan pangertene pawongan marang objek kang dirembug.
    7. Penulis kudu ngerti prastawa kang diandharake.
    8. Penulise eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.

Purwakanti, Parikan, Wangsalan lan Basa Rinengga

Purwakanthi

Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandhengan. Purwakanthi yaiku runtute, swara ing ukara, wanda, utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing samburine. Purwakanthi kaperang dadi telu, yaiku kaya ing ngisor iki.

Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang runtut swarane.

Tuladha:

Aja dumeh menang, banjur tumindak sawenang-wenang

Inggah-inggih ora kepanggih

 

Purwakanti guru sastra yaiku purawakanthi kang runtut sasrane utawa tulisane.

Tuladha:

Ruruh, rere, ririh ing wewarahipun.
Tindak-tanduke tansah titi ngati-ati. 

Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa yaiku purwakanthi sing tembung ing ukara sadurunge dibaleni meneh ing ukara candhake. Tembung “guru” ing kene tegese pageran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.

Tuladha: 

Sak begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada.
Witing tresna, tresnane mung sawetara.

Parikan

Parikan yaiku unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran kang ajeg. Parikan ing basa Indonesia diarani pantun, nanging mung rong larik. Parikan migunakake purwakanthi guru swara.

Paugeran utawa pathokane parikan yaiku kaya ing ngisor iki.

    1. Cacahing wanda ukara kapisan kudu padha karo ukara kapindo.
    2. Ukara kapisan diarani bebuka, dene ukara kapindho diarani isi/wos.
    3. Tibaning swara ukara kapisan kudu padha karo ukara kapindho (sajake a b a b).

Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra. 

Tuladha:

1. Pitik blorok, manak siji,
    Jare kapok, malah ndadi.
2. Timune, diiris-iris.
    Gumune, ora uwis-uwis.
3. Kembang menur, sinebar den awur-awur,
    Yen wis Makmur, aja lali mring sedulur.

Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan kang saemper cangkriman kang batangane (wangsulane) wis sinandhi ing wanda-wandaning tembung. Wangsalan kaperang dadi enem, yaiku kaya ing ngisor iki.

Wangsalan Pandinan

Wangsalan pandinan yaiku wangsalan kang digunakake  minangka pacelathon ing saben dinane, mula ana sing nganggo nyebutake batangane la nana sing tanpa batangan amarga wong-wong sing padha krungu/macaw is ngerti maksude (batangane).

Tuladha:

Njanur gunung, kadingaren gelem mampir.
Wangsalan : njanur gunung
Batangane : aren
Tebusan     : kadingaren
Tembung “njanur gunung” iku arane aren, mula bisa dadi tembung “kadingaren”.

Wangsalan Lamba

Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang bisa batangane mung siji.

Tuladha:

Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Widheng geleng, tekamu apa pada rahayu?
Tembung “roning mlinjo” iku arane so, mulo bisa dadi “ngaso”. Dene tembung “widheng galeng” iku arane yuyu, mula bisa dadi tembug “rahayu”.

 

Wangsalan Rangkep

Wangsalan rangkep yaiku wangsalan kang batangane bisa luwih saka siji.
Jenang sela, wader kalen sesonderan,
Aparunta, yen wonten lepat kawula.
Tembung “jenang sela” arane apu, mula dadi tembung “apuranta”. Dene tembung “wader kalen sesonderan” arane sepat, mula bisa dadi tembung “lepat”.

Wangsalan Edi Peni

Wangsalan edi peni yaiku wangsalan kang mawa paugeran unen-unen kadadean saka rong guru swara (wangsalan rangkep), sabenukara sing sepisan (yaiku isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa.

Tuladha : Tepi wastra, wasta kang tumrap mustaka.

Wangsalan Awujud Tembang

Wangsalan kang mapan sajroning sekar/tembang.

Tuladha : Kinanthi ing pitutur.

Wangsalan Memet

Wangsalan kang cara nggoleki batangane sarana ngonceki karepe tetembungan ambal ping pindho.

Tuladha : Uler kembang, yen trima alon-alon wae.

Basa Rinengga

Basa rinengga yaiku basa sing dirakit kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan nengsemake ati. Basa rinengga biyasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata adicara (pambagyaharja temanten, panganten taun anyar, lan sapiturute). Basa rinengga uga diarani karangan kang kalebu sastra rincik mawa basa kang endah. Endahing karangan bisa dideleng saka isine kang narik kawigaten lan nyenengake, sastra basa kang edi peni. Edi penining basa werna-werna, lan katon menawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni amarga rinengga-rengga lan werna-werna rerengganing basa. Kajaba amarga endahing basa, karangan katon endah amarga becik pangkrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing perkara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan amarga cocok pamilihing tembung. Umpamane, bab anggone migunakake tembung camboran, dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhahing swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan amarga mathis pamilihing busananing basa. Umpamane, bab pangraciking sawara lan pangkrakiting tembung.

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain