GEGURITAN

Manut asal-usule tembung, geguritan asale saka tembung gurit kang tegese kidung, tembang, utawa tulisan kang wujude ukiran utawa tatahan.geguritan uga diarani guritan yaiku puisi Jawa. Geguritan ora ditembangake, nanging diwaca nganggo wirama, wirasa, lan wiraga manut surasane.

Geguritan uga nduweni struktur. Kang diarani struktur geguritan yaiku kahanan apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Dene kang klebu struktur geguritan yaiku :

  1. Pinilihing tembung/diksi yaikutTembung ing geguritan biasane duwe teges konotatif, asipat polisemi, lan nnduweni teges abstrak.
  2. Majas utawa gaya bahasa ing basa Jawa diarani lelewaning basa kkang bisa nambahi grengsenge geguritan.
  3. Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakakekaendahan lan kekuwatan saawijing geguritan.
  4. Tiprografi yaiku Larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait.

Geguritan uga nduweni unsur. Unsur kang kinandhut sajroning geguritan yaiku :

  1. Tema. Tuladhane tema geguritan : sosial, moral agama, lan kepahlawanan
  2. Rasa pangrasa yaiku tembung ing geguritan bisa kanggo nitisake rasa pangrasa. Tembung-tembung iku diarani gaya bahasa utawalelewaning basa. Tuladhane : sedhih, seneng, kangen, gumun, lan simpati.
  3. Nada utawa lagu, tegese patrap kang digunakake ana ing sajroning geguritan. Tuladhane : ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, utawa nyemoni.
  4. Swasana, tegese kahanan batin utawa jiwa pamaos sawise maca geguritan. Geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun swasana batin pamaos geguritan.
  5. Amanat utawa Pitutur Luhur, yaiku bab kanga rep diwedharake dening panganggit geguritan marang pamaos geguritan, amanat bisa tarwaca, uga bisa sinandi ana ing pangrakiting geguritan

Bab-bab kang kudu digatekake Manawa nemtokake isine sarta piwulang ing jero geguritan:

  1. Maca geguritan bola-bali.
  2. Pamacane geguritan kudu urut sapada-pada.
  3. Nemtokake gagasan kang kinandhut ing saben pada
  4. Nyawijekake gagasan ing saben pada kanggo nemtokake gagasan geuritan supaya dadi wutuh.
Nggancarake geguritan

Nggancarake geguritan kudu mangerteni luwih dhisik tegese saben tembung ing geguritan Sawise ngerti tegese kabeh tembung, kita bisa ngrakit tembung-tembung mau dadi gancaran.

Tuladhane: 
Getih-getih abang ngatirah
tumetes sajroning lemah
dhadha jangga tinembus mimis
bangke gumlethak ngagandha amis

Gancharane:

(Katon) getih( kang warna) abang (kaya godhong) ngatirah (kang) tumetes (ing) sajroning lemah (negara Indonesia). (Ing prastawa iki) dhadha (lan) gulune (para pejuang) kang tinembus bedhile (para serdhadhune penjajah.) (Katon) bangke (para pejuang) glumethak (ing lemah). (bangke-bangke ing ngetokake) ganda amis (ngambar ing angkasa)

 

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment