Crita Wayang
![]() |
Sumber gambar : Wikipedia |
Dheskripsi
Wayang
Wayang
iku kalebu kabudayang Jawa kang adiluhung (tinggi mutunya). Tembung “wayang”
iku asale saka tembung ‘ma-hyang’ kang nduweni teges bayangan/wewayangan.
Wayang kang gumelar ing tlatah Jawa nggambarake uriping manungsa asumber saka
crita Mahabarata lan Ramayana.
Wayang
iku jinise akeh, kaya ta wayang wong, wayang purwa, wayang kulit, wayang
kancil, lan wayang beber. Crita wayang ing masyarakat Jawa ngemot pitutur luhur
kang bisa dituladhani.
Crita
Mahabarata lan Ramayana asale saka tlatah India kang mlebu Nuswantara nalika
jaman Hindu mlebu ing Indonesia. Nanging wayang ing Nuswantara ora padha
critane kaya Mahabarata lan Ramayana ing India. Wayang ing Nuswantara wis
ngalami owah-owahan nalika Islam mlebu ing Nuswantara.
Wayang
kulit salah sijining wayang kang wis diakoni dening UNESCO minangka kabudayan
asli Indonesia kang negsemake. UNESCO ngresmekake wayang kulit iki mau nalika 7
November 2003.
Panyebarane
wayang orang mung ing tanah Jawa wae, ananging uga ing tlatah liya ing
Nuswantara. Wayang kulit disenengi dening wong Jawa tengah lan saperangan Jawa
Timur. Ing antarane panggonan siji lan sijine duwe gagrag dhewe-dhewe, sing
paling gedhe yaiky Gagrag Ngayogyakarta, lan Gagrag Surakarta, uga Gagrag
Banyumas lan Gagrak Pesisiran. Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk
owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarane pagelaran mau. Suwene
pagelaran wayang asline sewengi bisa disuda dadi sawetara jam wae. Wayang kulit
uga asring sinebut wayang purwa. Sumber critane yaiku saka kitab Mahabarata lan
Ramayana kang ditulis dening Empu Sedah, Empu Panuluh lan Empu Kanwa.
Wayang
kulit umume digawe saka kulit kebo sing wis diproses dadi
kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhake ukuran watara 50cm x 30cm
kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti wesi lancip. Wesi waja iki
digawe luwih dhisik kanthi maneka wewangunan lan ukuran, ana sing lancip,
pipih, cilik, gedhe, lan liya-liyane sing nduweni kagunan kang beda-beda.
Wose
piranti mau kanggo gawe maneka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang.
Sabanjure dipasang perangan awak liyane yaiku tangan. Tangan wayang dumadi saka
rong perangan, yaiku lengen dhuwur lan ngisor saengga tangan bisa diobahke niru
obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawe saka sungu kebo utawa sapi. Tangan
wayang uga diwenehi gagang supaya dhalang bisa ngobahake tangan wayang kasebut.
Wayang kawengku dening dhalang sakka wiwitan tekang pungkasan. Dhalang nduweni kawasisan lan keprigelan ing babahan crita wayang, swara saben paraga wayang lan asrining menehi pamawas kang trep.
Ing sajroning crita wayang nduweni wos surasa kaya ing ngisor iki.
- Tanggap ing Sasmita/Empati tegese saben titah kang urip ing jagat iku kudu duwe sikep empati marang pepadhane, manungsa, tanduran lan sato kewan. Amarga sikep empati bakal ndadekake manungsa katon ayem tentrem. Manungsa siji lan sijine padha mangerteni, dadi ora padha ngganggu nganging malah tetulung. Ora mbuwang rereged ing samubarang panggonan kaya ing ngisor uwit, iku uga salah sijining sikep tanggap ing sasmita marang tanduran.
- Jujur tegese apa anane. Wong kang jujur bakal elok uripe. Jujur iku dumunung ing ati sanubarine manungsa, senajan takerane ora padha.
- Mad
Sinamadan
tegese ngurmati manungsa siji lan sijine. Panguripan iki bakal krasa tentrem
yeng tinanem rasa mad sinamadan, kang enom ngajeni priyayi sepuh lan kosok
balene. Sikep iki ndanekake panguripan ing masyarakat bisa rukun.
- Tanggung
Jawab
tegese ora tumindak sakarepe dhewe, anggone tumindak tansah dirasa kanthi
tememen. Saliyane iku kanthi tanggung jawab wong bakal bisa ngrampungake
pagawean kanthi tenan.
- Adil tegese ora mban
cinde mban siladan, ora mbedak-mbedakake siji lan sijine, ditonton yaiku
kasunyatan.
- Ngabdi mring Negara tegese sikap loyal marang negara.
Unsur
Intrinsik ing Crita Wayang
Unsur-unsur
cirta wayang padha karo crita cekak utawa crita fiksi liyane. Unsur-unsur kang
mbangun crita wayang, kaya ta tema, paraga lan watak, latar, plot, sudut
pandang lan amanat.
Tema
Tema iku dadi dhasariing crita. Tema ngemot babagan idhe utawa gagasan kang njalari dumadine crita. Tuladhane tema kaya ta katresnan, kabudayan, lan papragan.
Paraga
lan Watak
Paraga
biyasane awujud manungsa, bisa uga awujud kewan utawa piranti sakiwatengene
kang dipindha manungsa. Muturut watake, paraga kaperang dadi telung jenis,
yaiku;
- Protagonis, nuduhake paraga kang becik bebudene.
- Antagonis, nuduhake paraga kang ala bebudene.
- Tritagonis, nuduhake paraga panengah.
Latar utawa setting iku nuduhake katrangan-katrangan sing ana gegayutane karo crita. Latar bisa kagolong dadi telung jinis kaya ing ngisor iki.
Panggonan, njlentrehake ana
ing ngendi wae kedadean kang dumadi jroning crita. Panggonan iku kaya ta ing
kraton, taman, alas, lan liya-liyane.
Wektu, njlentrehake kapan
kedadean ing sajroning crita. Wektu iku bisa nuduhake dina, jam, lan wayah.
Swasana, njlentrehake
kahanan sing ana jroning crita. Tuladha swasana kaya ta sedhih, seneng,
kuwatir, lan nelangsa.
Alur iku njlentrehake ngenani lakuning utawa urut-urutane crita saka purwa nganti wasana kanthi runtut. Urutane crita biyasane nduweni alur maju lan alur mundur. Alur maju nuduhake menawa crita iku saka kedadean biyen nganti tekan saiki. Alur mundur nuduhake menawa crita kedadeane diwiwiti saka kedadean saiki banjur nyritakake kedadean ing jaman biyen.
Sudut Pandang iku nuduhake carane pangripta nglakokake paraga ing crita. Sudut pandang bisa kajlentrehake dadi sudut pandang wong kapisan lan sudut pandang wong katelu. Sudut pandang wong kapisan iku dibedakake dadi telu, yaiku;
- Pangripta dadi paraga utama.
- Pangripta namatake langsung.
- Pangripta ora namatake langsung.
Amanat iku ngemot piwulang becik lan pesen saka pangripta marang pamoco awujud kritik, saran lan panemu jroning crita.
Post a Comment