Crita Rakyat

Featured Image
Sumber gambar : google.co.id

Wongtuwa jaman semana, kanggo mbangun budi pakarti kang luhur ing atine anak putune migunakake sarana dongeng saengga gampang ditampa dening bocah-bocah. Lumantar dongeng kasebut wong tuwa jaman semana menehi pitutur luhur kanggo uripe manungsa ing bebrayang agung kang ora entuk gawe nesune wong liya ugo ora entuk gawe cuwane wong liya, menawa urip ing bebrayan iku kudu tepa slira, tansah nuwuhake sukur marang Gusti kang wis paring kanugrahan dening manungsa lan nuwuhake kesadharan kanggo ngreteni budi pakarti kang luhur ana ing tengahing masyarakat. Dongeng-dongen kasebut diarani crita rakyat.

Kasusastran Jawa iku sugih crita. Crita kang ngrembaka ana ing tengahing masyarakat kuwi arane crita rakyat. Crita rakyat iku wiwitane ora katulis, nanging awujud kasusastran lisan kang dicritakake dening pawongan marang wong liya kanthi turun-temurun. Nganti saiki crita rakyat isih urip lan ngrembaka ana ing tengahing masyarakat. Crita rakyat kanggo menehi pituduh marang wong enom babagan budi pakarti kang luhur.

Sejatine crita rakyat yaiku perangan kasusastran kang nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.

  1. Anonim, tegese ora ngerti sapa sing nganggit amarga diwariske kanthi lisan.
  2. Kolektif, amarga ora ngerti sapa sing nganggit, mula dadi duweke masyarakat bebarengan.
  3. Dicritakke kanti lisan daka generasi marang generasi sateruse.

Crita rakyat uga diarani crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku, umume awujud lelakon cekak kang wos crita munjerake sawijining paraga. Crita rakyat ngemot piwulang moral lan dianggep minangka kanggo panglipur lelaya yaiku nglipur kawula cilik kang durung kenal karo lelipur liyane kang luwih modheren.

Crita rakyat iku kasebar ing bebrayan agung kanthi cara gethok tular, yaiku kanthi cara dicritakake saka wong siji lan sijine. Lumrahe crita rakyat iku ngelingake kabeh awake dhewe supaya ora niru marang tumindak ala ing crita, nanging sewalike.

Ngudhari Unsur-Unsur Crita Rakyat

Kaya karya sastra liyane, unsur-unsur kang mbangun crita rakyat kaperang kaya ing ngisor iki.

  1. Tema, yaiku minangka idhe pokok utawa masalah kang utama kang ndasari lakuning crita. Temane crita rakyat lumrahe kaku, iastanasentris, adat istiadat, lan mistis.
  2. Setting, iku minangka latar utawa papan panggonan, wanci, lan swasana jroning crita.
  3. Sudut Pandang, yaiku carane pangripta nyritakake paraga jroning crita.
  4. Alur/Plot, yaiku urut-urutane prastawa utawa kedadean-kedadean jroning crita.
  5. Penokohan, yaiku nggambarake paraga-paraga jroning crita lan watake.
  6. Konflik, yaiku perkara sing dadi punjere crita utawa sing dadi kawigaten jroning crita.

Mangerteni Isi Crita Rakyat

Crita rakyat crita saka jaman kuna sing isih ana ing madyaning bebrayan lan diwarisake kanthi cara lisan. Wujudr creita rakyat miturut para ahli kaperang dadi telu, yaiku kaya ing ngisor iki.

  1. Mitos yaiku crita rakyat kang ana gegayutane karo alam lelembut utawa alam gaib. Crito mitos biasane nyritakake kedadean ana ing segara, dharatan, utawa langit. Peragane awujud wong sing nduweni kasekten. Tuladha: Nyai Roro Kidul, Nyi Blorong, Gendruwo, Tuyul lan liya-liyane.
  2. Fabel yaiku crita rakyat sing peragane kewan lan uripe kaya manungsa, bisa guneman, bisa manehi piwulang budi pakarti. Dongeng dianggep crita sing ngayawara, ora kena dipercaya. Tuladha:  Kancil Nyolong Timun, Kancil Karo Baya, Gajah Mungsuh Semut, lan liya-liyane.
  3. Lengndha yaiku cerita rakyat kang dianggep nyata lan kedadean ing alam donya. Legendha lumrahe nyitakake dumadine sarijining papan utawa barang. Ana ing jaman saiki legenhda ana gegayutane karo papan panggonan sing ana petilasane awujud patung, watu, candhi, tlaga lan sapiturute. Tuladha: Asal-Usul Rawa Pening, Asal-Usul Desa Grantung, Malin Kundang, lan liya-liyane.

Piwulang Luhur jroning Crita Rakyat

Saka crita rakya iku ana pesen kang iso dijupuk. Pesen iku menehi pituduh marang sing maca utawa sing ngrungokake babagan kabecikan lan budi pakarti luhur. Pesen kang becik jroning crita uga diarani piwulang luhur. Piwulang luhur kang kamot iku njlentrehake babagan utawa sipat-sipat kang baku sing bisa digunakake ing madyaning bebrayan lan bisa didadekake paugeran subasita ing pasrawungan.

Dene piwulang kasebut yaiku kaya ing ngisor iki.

  1. Nilai religius/keagamaan, yaiku nilai kang ana gegayutane karo tumindak kang percaya anane Gusti, nindhakake kang dadi dhawuhe Gusti lan sapiturute.
  2. Nilai budaya utawa kultur, yaiku nilai kang ana gegayutane karo budaya masyarakat tartamtu anggone ngadhepi perkara utawa nglakoni urip ing bebrayan agung.
  3. Nilai etika utawa moral, yaiku nnilai kang ngajarake marang saben pawongan kudu bisa madsinamadan, gotong royong, urmat, lan ngurmati marang wong liya.
  4. Nilai sosial, yaiku sesambungan karo urip sosial, dene manungsa iku ora bisa urip dhewe, mesthi mbutuhake wong liya.

Gawe Sinopsis Crita Rakyat

Sinopsis iku awujud ringkesan sawijining crita utawa karya sastra kang isih nengenake alur kang trep. Sinopsis digawe kanthi tujuan supaya pemacane gelem maca karangan utawa crita kang digawe sinopsis kuwi kanthi wutuh. Mula, sinopsis kudu digawe kanthi becik, endah, lan kudu gawe pamacane ngrasa perlu marang crita wutuhe. Nalika nulis sinopsis uga kudu nggatekake unsur-unsur crita kaya sing diwedharake ing piwulangan ngarep, yaiku tema, setting, alur, penokohan, lan konflik.

Carane gawe sinopsis yaiku kaya ing ngisor iki.

  1. Maca crita kang arep digawe sinopsis saka wiwitan nganti pungkasan kanthi permati.
  2. Nemoake prastawa-prastawa kang wigati jroning crita.
  3. Nyusun prastawa-prastawa kang wis ditemokake kaya urutan jroning crita.
  4. Ngrakit prastawa-prastawa kasebut nggunakake basa kanthi cetha lan cekak.

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain