Materi Kasusastran


Sumber Gambar : Dictio

Kasusastran Jawa akeh wujude lan ngandhut piwulang kang becik. Wujude kasusastran Jawa kaya ta tembang, geguritan, lan gancaran. Gancaran iku bisa arupa cerkak, cerbung, lan novel. Kasusastran kang arupa gancaran kalebu kasusastran gagrak anyar, kaya dene novel kang ngrembaka ing abad 20-an. Ing abad iku akeh banget penulis-penulis novel Jawa. Nanging kahanan saiki novel Jawa wis wiwit cures lan ditinggalake para pamaca. Mulo, ayo padha sinau babagan novel Jawa kang nduweni basa rinengga lan edipeni.

Pangerten Novel

Novel yaiku karya sastra kang awujud prosa kang misuwur. Isine ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Saben babak ngandharake surasa kang beda-beda. Novel ngemot unsur intrinsik lan ekstrinsik kang sesambungan, dene surasane novel kang ngemot nilai budaya, sosial, moral, ondhidhikan, lan liya-liyane. Ancase wong nalika maca novel kanggo panglipur ati utawa kanggo hiburan. Kanggo wong seng seneng maca novel, novel iku minangka hiburan kang asipat personal.

Jinis-jinis novel kaya ing ngisor iki.

  1. Novel detektif
  2. Novel roman
  3. Novel misteri
  4. Novel kriminal
  5. Novel fiksi ilmiah

Tuladha irah-irahane novel Jawa antarane.

  1. Priyayi Abangan            : Sapardi Djoko Damono
  2. Putri Tirtagangga          : Any Asmara
  3. Mungsuh Sardi              : Basoeki Rachmat
  4. Kelangan Satang           : Suparto Broto

Titikane novel kaya ing ngisor iki.

  1. Ditulis kanthi gaya narasi, lan kadhang kala nganggo gaya dheskripsi kanggo nggambarake swasana utawa papan panggonan.
  2. Isine ngenani kedadean kang dialami arupa tanggapan penulis dening kedadean kang ana ing pandinan.
  3. Wujude luwih dawa, luwih saka 10.000 tembung.
  4. Nduweni alur crita kang luwih utawa kompleks.

Mangerteni Isine Pethikan Novel

Novel kawangun saka unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur-unsur kasebut kaya ing ngisor iki.

Unsur Intrinsik

  1. Tema yaiku idhe pokok utawa perkara utama kang dadi dhasar lakuning crita.
  2. Setting yaiku pengarang kang mbiyantu lakuning crita. Latar ana ing sajroning crita kaperang dadi : Latar panggonan, Latar swasana, Latar wektu.
  3. Punjering crita (sudut pandang) kaperang dari telu yaiku: 1) Panganggit migunakake sudut pandang paraga lan tembung sesulih wong kapisan; 2) Panganggit migunakake sudut pandang paraga bawahan, dheweke luwih akeh ngamati.; 3) Panganggit migunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti apa wae rahasia batine.
  4. Alur/Plot yaiku rerangkening prastawa/kedadean ing novel. Alur kaperang dadi loro yaiku, 1) Alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita.; 2) Alur mundur (flashback progresif) yaiku lumaku saka kedadean kang jumbuh karo prastawa sing lagi dumadi.; 3)Penokohan yaiku nggambarake wantune paraga, watak bisa dingerteni saka tumindak, ciri-ciri, fisike, lan lingkungane paraga.
  5. Gaya bahasa yaiku gaya utawa majas kang digunakake ing nobel kasebut.

Unsur Ekstrinsik

Unsur ekstrinsik iku ngemot latar belakang penciptaan, sujarah, biografi panganggit, lan sapiturute (sanjabane unsur intrinsik).

Novel basa Jawa saliyane kawanguns saka unsur-unsur kasebut, uga mesthi ngemot piwulang luhur kang bisa dijupuk dening pamacane. Novel kang lumrahe ngandharake kedadean ana ing padinan nduweni nilai-nilai kanggo pamacane. Nilai-nilai kang kamot ing novel yaiku kaya ta ing ngisor iki.

  1. Nilai religius, yaiku nilai-nilai kang ana gegayutane karo agama lan keyakinan, kaya ta ngibadah utawa upacara agama.
  2. Nilai sosial, yaiku nilai kang ndadekake wong luwih mangerteni panguripan wong liya.
  3. Nilai etik, yaiku nilai kang ana sesambungane karo sopan santun lan subasita ing bebrayan.
  4. Nilai spiritual, yaiku bisa ngadhepi urip lan kapitayan pamaca.
  5. Nilai kultural, yaiku bisa menehi lan nglestarekake budaya lan adat masyarakat.
  6. Nilai moral, yaiku nilai-nilai kang ana gegayutane karo budi pakarti ing masyarakat.

Sajroning novel, nilai-nilai mau kakandhut ing crita, ing njero paragraf, lan gunemane para peragane.

Ruang Literasi dan Edukasi

Post a Comment

© Untaian Abjad. All rights reserved. Developed by Jago Desain